Ing pinggire sisih ngisor ana gambare sapi-sapi ing sakubenge nganti kemput, saben saasta sapuluh, nganti sakempute “segaran” iku; sapine jejer loro, kacithak iras-irasan karo wadhahe.
Mung bae aja padha mbalela marang Sang Yehuwah, lan aja wedi marang bangsa ing nagara kono, marga mesthi bakal kita ganyang nganti entek. Wong-wong mau wus koncadan kang dadi pangayomane, mangka Pangeran Yehuwah nunggil kalawan kita, mulane wong-wong iku aja padha kokwedeni.”
Nanging rajabrana kita iki kawadhahan ing grabah, supaya tetelaa manawa kakuwatan kang ngedab-edabi iku asale saka ing Gusti Allah, dudu saka awakku dhewe.
Pethine Pangeran Yehuwah dadine dilakokake ngubengi kutha mau mung kaping sapisan, sawuse banjur padha bali menyang ing pakemahan sarta padha nginep ana ing pakemahan kono.
Mengkono dadine ing dina kapindho iya mung sapisan anggone ngubengi kutha mau, banjur padha bali menyang ing pakemahan maneh. Kaya mangkono iku patrape ngangti nem dina lawase.
lan anaa imam pitu kang nggawa kalasangka sungu wedhus pitu kang lumaku ana ing ngarepe pethi. Nanging ing dina kang kapitu anggonira padha ngubengi kutha iku kudu kaping pitu sarta para imam mau banjur padha ngunekna kalasangkane.