Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 6:26 - Kitab Sutji

26 Ing nalika samana Sang Senapati Yusak asupaos pangandikane: “Wong kang bakal tumandang mbangun kutha Yerikho iki, kenaa ing laknat ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah; anggone masang tetalese kutha kalawan masrahake anake pambarep lan anggone ngadegake gapurane kalawan masrahake nyawane anake wuragil!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 6:26
9 Iomraidhean Croise  

Ing nalika jaman samana Hiel, wong Betel, mbangun Yerikho maneh. Anadene anggone masang tetalese iku kanthi ngurbanake nyawane Abiram, anake kang pembarep, lan anggone masang lawanging gapurane kanthi ngurbanake nyawane Segub, anake kang ragil, cocog karo pangandikaning Sang Yehuwah, kang kapangandikakake lumantar Hakim Yuzak bin Nun.


Nanging Sang Prabu ngandika marang panjenengane: “Nganti ping Pira ingsun ndhawuhi sumpah marang sira, supaya sira matur marang ingsun kang sanyatane bae demi asmaning Sang Yehuwah?”


Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “He Elisa, kowe keria ana ing kene, sabab aku kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah menyang Yerikho.” Nanging atur wangsulane: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, saha dhemi gesang panjenengan piyambak, kula temtu boten badhe nilar panjenengan.” Mangkono tindake wus padha rawuh ing Yerikho.


Saupama Edom duwe pangucap: “Aku wus padha rusak, nanging jugrugane bakal padha dakbangun maneh,” nuli pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: “Wong iku kena padha mbangun, nanging iku bakal Sunbubrah, sarta jenenge bakal kasebut: wewengkoning kadursilan, sarta bangsa kang dibendoni dening Pangeran Yehuwah ing salawas-lawase.”


Nanging Gusti Yesus kendel bae. Imam Agung banjur ngandika maneh: “Demi Allah kang gesang, kandhaa marang aku kabeh, Kowe iku apa Sang Kristus, Putraning Allah, apa dudu?”


Ana sawenehe wong Yahudi sawatara, tukang njapani ideran, kang padha nyoba nyebut asmane Gusti Yesus kanggo wong kang kasurupan dhemit, kalawan ngucap: “Kowe daksupatani atas asmane Gusti Yesus, kang diwartakake dening Rasul Paulus.”


medhun saka ing Yanoah menyang ing Atarot lan Naharat notog ing dhaerah Yerikho lan banjur menyang ing bengawan Yarden.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan