Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 6:23 - Kitab Sutji

23 Wong nom kang dadi telik mau banjur padha mlebu, Rakhab, bapa-biyunge sarta sadulure dalah sakehing wong kang tunggal saomah karo dheweke, iya sakulawargane kabeh padha digawa metu, nuli dipapanake ing sajabaning pakemahane wong Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 6:23
15 Iomraidhean Croise  

Sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe lan Sunberkahi, sarta jenengira Sundadekake luhur, tuwin sira bakal dadi berkah.


Bokmanawi ing salebeting nagari ngriku wonten tiyangipun seket ingkang mursid; punapa inggih badhe Paduka tumpes? Punapa Paduka boten ngeman dhateng panggenan punika, sabab ing ngriku wonten tiyangipun seket ingkang mursid?


Nalika Gusti Allah nggempur kutha-kutha ing lebak Yarden lan nalika malik kutha kang dienggoni dening Lut, Gusti Allah enget marang Rama Abraham, banjur ngirid Lut metu saka ing satengahe patumpesan.


Nanging kowe iku padha manggona ana ing sajabane pakemahan lawase pitung dina; sapa kang wus mateni wong lan sapa kang nggepok jisime kang mentas dipateni, iku mbirata najise ing dinane kang katelu, lan ing pitung dinane, kowe dhewe lan para wong bandhanganmu.


Tumuli padha dipangandikani mangkene: “Panjenengan sadaya sami mangretos, bilih tiyang Yahudi punika dipun awisi sanget srawungan kaliyan tiyang-tiyang ingkang sanes Yahudi utawi lumebet ing griyanipun. Nanging Gusti Allah sampun paring pitedah dhateng kula, bilih kula boten dipun parengaken mastani tiyang najis utawi boten resik.


sarta ngandika: “Aja wedi, Paulus! Kowe kudu sowan marang ing ngarsane Sang Nata Agung lan sanyatane marga sih-rahmating Allah, kabeh wong kang bebarengan karo kowe ana ing prau iki bakal padha slamet, marga saka kowe.


Sabab yen aku padha ngadili wong-wong kang ana sajabaning pasamuwan, iku aku migunakake wewenang apa? Kowe rak mung padha ngadili wong-wong kang ana ing sajroning pasamuwan ta?


manawa nalika samana kowe tanpa Sang Kristus, ora klebu warga Israel lan ora oleh panduman tumrap prasetya kang kajanjekake, tanpa pangarep-arep lan tanpa Gusti Allah ana ing donya.


Marga saka pracaya Rakhab, wong wadon tuna-susila, ora katut katumpes bareng karo wong-wong duraka, amarga wus nampani para telik iku kalawan becik.


Marga saka pracaya Rama Nuh – kalawan pitedahing Allah bab prakara kang durung kauningan – kanthi setya damel prau kanggo nylametake kulawargane; lan marga saka pracaya iku panjenengane ngadili jagad lan kapesthekake tampi kabeneran, laras kalawan pracayane.


bilih panjenengan badhe nggesangi tiyang sepuh kula, mekaten ugi sadherek kula jaler estri dalah sakukubanipun sadaya sarta badhe ngentasaken nyawa kula saking bebaya pejah.”


Pangucape Rakhab marang wong mau: “Panjenengan kula aturi tindak dhateng ing pareden, supados sampun ngantos kepanggih kaliyan ingkang sami ngoyak panjenengan; wonten ing ngriku panjenengan kula aturi umpetan tigang dinten, ngantos ingkang ngoyak panjenengan sami mantuk, wasana panjenengan kula aturi nglajengaken lampah.”


lah manawi kula sami lumebet ing kitha ngriki, tamparan benang abrit punika panjenengan tangsulaken angsal cendhela ingkang kangge margi anggen panjenengan ngandhapaken kula, punapa malih rama-ibu panjenengan saha sadherek panjenengan dalah sakukuban panjenengan sadaya sami panjenengan kempalaken wonten ing dalem panjenengan.


Sawuse dituduhake dalane lumebu menyang kutha, saisining kutha tumuli ditumpes klawan landheping pedhang, nanging wong siji mau dililani lunga sakulawargane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan