Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 6:22 - Kitab Sutji

22 Nanging Sang Senapati Yusak banjur ngandika marang wong loro kang biyen padha nelik nagara mau: “Padha lumebua ing omahe wong wadon tunasusila kae, wong iku gawanen metu saka ing kono dalasan sakulawargane kabeh, kaya kang wus dadi supatamu marang dheweke.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 6:22
13 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu banjur nimbali wong-wong Gibeon sarta dipangandikani: – wong Gibeon iku ora padha kagolong bangsa Israel, nanging klebu kekarene bangsa Amori, mangka wong Israel wus padha prajanji klawan supata, ewadene Sang Prabu Saul marga saka mempenge anggone tumindak kanggo wong Israel lan wong Yehuda banjur ngudi sirnane wong-wong mau. –


Nanging Sang Prabu ngowel marang Mefiboset bin Yonatan bin Saul, amarga saka supaose demi Sang Yehuwah antarane Prabu Dawud karo Pangeran Yonatan bin Saul.


kang nganggep asor marang kang ambek nistha, nanging ngajeni wong kang padha wedi asih marang Sang Yehuwah; kang ngantepi supatane, sanadyan kapitunan;


Nuli njupuk sawijining turuning ratu, kaajak nganakake prajanjian kalawan sumpah. Wong-wong kang nyekel pangwasa ing nagara kono iya padha dicekeli,


Demi Ingsun kang gesang – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – wong iku mesthi bakal mati ana ing nagara Babil, ing panggonane raja kang ndadekake ratu, amarga nganggep entheng marang sumpahe marang raja iku lan mbubrah prajanjiane kalawan raja mau.


Marga saka pracaya Rakhab, wong wadon tuna-susila, ora katut katumpes bareng karo wong-wong duraka, amarga wus nampani para telik iku kalawan becik.


Nanging kutha iku lan saisine kabeh, bakal mligi kagem Pangeran prelu kasirnakake mung Rakhab si wanita tunasusila iku kang bakal lestari urip, dalah sakehe wong kang tunggal saomah karo dheweke, amarga wus ndhelikake utusan kang padha kita lakokake.


Wong nom kang dadi telik mau banjur padha mlebu, Rakhab, bapa-biyunge sarta sadulure dalah sakehing wong kang tunggal saomah karo dheweke, iya sakulawargane kabeh padha digawa metu, nuli dipapanake ing sajabaning pakemahane wong Israel.


Senapati Yusak banjur memitran karo para wong iku mau sarta damel prajanjian manawa bakal padha diuripi, malah para panggedhene padha prajanji klawan sumpah.


Sawuse dituduhake dalane lumebu menyang kutha, saisining kutha tumuli ditumpes klawan landheping pedhang, nanging wong siji mau dililani lunga sakulawargane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan