Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 6:20 - Kitab Sutji

20 Wong kabeh tumuli padha surak-surak binarung swarane kalasangka mau; sawuse wong sabangsa kabeh krungu swaraning kalasangka, banjur padha surak-surak kalawan sora. Dumadakan balowartine jugrug, lan wong kabeh tumuli padha munggah ing kutha, siji-sijine lumaku ngenut enere dhewe-dhewe lan ngrebut kutha mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 6:20
6 Iomraidhean Croise  

sarta para prajurit Yehuda padha surak. Nalika wong Yehuda padha surak, Gusti Allah ngawonake Prabu Yerobeam dalah wong Israel kabeh ana ing ngarsane Sang Prabu Abia lan ing ngarepe Yehuda.


dina ngunekake kalasangka lan surak-suraking perang nglawan kutha-kutha kang santosa sarta menara pojok kang dhuwur-dhuwur.


Marga saka pracaya baluwartine kutha Yerikho padha jugrug, sawise diubengi pitung dina lawase.


Dene samangsa ana tengara kalasangka sungu wedhus muni melung, nalika sira padha krungu tengara kalasangka iku, wong kabeh nuli padha surak-suraka kang sora, sanalika balowartine kutha iku bakal jugrug, wong sabangsa banjur padha munggaha, saben wong lumakua manut ing enere dhewe-dhewe.”


Satekane pethi prajanjiane Sang Yehuwah ana ing pakemahan, sakehing wong Israel padha surak-surak seru, nganti ngoregake bumi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan