Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 6:19 - Kitab Sutji

19 Sakehe selaka lan emas, apadene piranti tembaga lan wesi iku dadia sesengkerane Pangeran Yehuwah; kabeh iku bakal kalebokake ing pasimpenaning Yehuwah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 6:19
25 Iomraidhean Croise  

Barang-barang iku sinengker Prabu Dawud kagem Sang Yehuwah, bareng karo barang-barang selaka lan mas, kang saka sakehe bangsa kang ditelukake,


Barang-barang praboting padalemane Sang Yehuwah lan barang-barang ing kraton padha dijarah-rayah; kabeh padha dirampas. Uga sakehe tameng emas yasane Sang Prabu Suleman.


Ing kono pakaryan kang katindakake dening Sang Prabu Suleman tumrap padalemane Sang Yehuwah, kabeh wus rampung. Sang Prabu Suleman banjur dhawuh nyimpen barang-barang kang suci kagungane Sang Prabu Dawud, ramane, lan selaka, emas sarta barang-barang mau kabeh ana ing gedhong pasimpenan ing padalemane Sang Yehuwah.


Sang Prabu Nebukadnezar nuli mundhuti sakehe barang ing pasimpenane padalemaning Sang Yehuwah lan barang-barang ing pasimpenaning kraton; emasing sakehe prabot yasane Sang Prabu Suleman, ratu ing Israel, kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah, padha diklentheki kabeh, ngetrepi apa kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.


Barang-barang iku uga didhewekake dening Sang Prabu Dawud, mung mligi kagem Pangeran Yehuwah, kaya dene salaka lan emas kang diangkati saka ing sakehe bangsa, yaiku saka wong Edom, wong Moab wong bani Amon, wong Filisti lan saka wong Amalek.


Para wong Lewi, para sadulure tunggal suku, kang rumeksa marang barang-barang ing padalemaning Allah lan kang rumeksa barang-barang suci:


Selomit iku karo sanak sadulure padha rumeksa marang barang-barang suci kang wus kasucekake dening Sang Prabu Dawud, para panggedhening kulawangsa, para tetindhihing wadya-bala sewu, wadya-bala satus lan para panggedhening wadya-bala.


Iku wus padha nyucekake barang-barang jarahan perang kanggo gawe endahing padalemane Pangeran Yehuwah.


Uga samubarang kabeh kang wus kasucekake dening Nabi Samuel, wong sidik, dening Sang Prabu Saul bin Kisy, dening Senapati Abner bin Ner, dening senapati Yoab bin Zeruya, malah sakehing barang kang wus kasucekake iku padha direksa dening Selomit sasanak sadulure.


Sateruse uga rancangan samubarang kang wus digalih bab plataraning padalemane Pangeran Yehuwah lan kamar-kamar ing sakubenge, bab prabot-praboting padalemane Gusti Allah sarta pasimpenaning barang-barang sengkeran;


Panjenengane nglebetake pisungsung-pisungsunge suci kang rama lan pisungsung-pisungsunge suci piyambak marang ing padalemaning Allah, yaiku emas, selaka lan barang-barang liyane.


Anadene wong-wong padha setya anggone masrahake mrono sakehe pisungsung-mligi, pisungsung pra-sapuluhan lan pisungsung-pisungsung suci. Khonanya, sawijining wong Lewi, kang rumeksa marang iku kabeh, lan Simei, sadulure, iku sorsorane,


Sarta manawa para bani Lewi padha mupu pisungsung prasapuluhan mau, padha kinanthenan imam, tedhake Imam Harun. Sabanjure para wong Lewi iku bakal nggawa saprasupuluhe pisungsung prasapuluhan mau menyang ing padalemaning Allahku, menyang ing kamar-kamare gedhong parawatan.


Ebed-Melekh banjur ngajak wong telu mlebu ing kadhaton ing gudhang sandhangan, papan pasimpenan barang-barang; ana ing kono njupuk sandangan gombal-gombalan lan amoh-amohan, nuli ngudhuni tali marang Nabi Yeremia, kang ana ing sumur iku.


Dene ing tahun kaping papate sakehe wohe padha dadia pisungsung pamuji konjuk marang Pangeran Yehuwah.


He, putri Sion, tumandanga lan nutua, marga sungunira bakal Sundadekake kaya wesi, lan kukunira Sundadekake kaya tembaga, satemah sira bakal ngremuk bangsa akeh, lan jarahane bakal sira mligekake kagem Sang Yehuwah, sarta kasugihane kagem Pangeraning salumahe bumi.


Sakehe rayahan lan bandhangan rupa manungsa lan kewan mau padha digawani.


Sakehe wong bandhangan, barang rampasan lan barang jarahan iku kabeh padha diaturake marang Nabi Musa lan marang Imam Eleazar tuwin marang umat Israel ana ing pakemahan ing tanah ngare Moab, kang kaprenah ana ing sapinggire bengawan Yarden ing sacedhake kutha Yerikho.


Mung barang-barang mas, salaka, tembaga, wesi, timah putih lan timbel,


Para pangareping imam padha njupuki dhuwit mau lan padha calathu: “Dhuwit iki ora kena kalebokake ing pethi pisungsung, sabab iki dhuwit getih.”


Nalika Gusti Yesus lenggah ing ngarep pethi pisungsung, mirsani wong akeh anggone padha nglebokake dhuwit ing pethi mau. Wong kang sugih-sugih akeh kang padha nyemplungake pisungsung akeh.


Wong Israel wus padha gawe dosa, wus padha nerak prasetyaningSun kang wus Sundhawuhake marang dheweke kabeh, iya iku padha njupuk barang kang sinengker, padha nyolong, banjur didhelikake diworake karo barang darbeke.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan