Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 6:17 - Kitab Sutji

17 Nanging kutha iku lan saisine kabeh, bakal mligi kagem Pangeran prelu kasirnakake mung Rakhab si wanita tunasusila iku kang bakal lestari urip, dalah sakehe wong kang tunggal saomah karo dheweke, amarga wus ndhelikake utusan kang padha kita lakokake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 6:17
26 Iomraidhean Croise  

Sapa kang mberkahi sira mesthi bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira bakal Sunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.”


Sapa kang ora mara sajroning telung dina, manut kaputusane para panggedhe lan para tetuwa, sabarang darbeke bakal karampas lan awake dhewe kapisahake saka ing patunggalane para wong kang bali saka ing pambuwangan.


Pangeran Yehuwah kagungan pedhang kang kuthah getih lan gupak gajih akeh banget, yaiku getihe cempe-cempe lan wedhus-wedhus lanang tuwin gajihe ginjeling wedhus-wedhus gembel lanang. Awit Sang Yehuwah nganakake kurban sembelehan ana ing Bozra lan pasembelehan gedhe ana ing tanah Edom.


Iki dinane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, dina piwales dina tumibaning piwales marang para mungsuhe. Pedhang bakal memangsa nganti wareg, lan nguyup getihe nganti marem. Amarga Gusti Allah, Gustining sarwa dumadi nganakake kurban sembelehan ing tanah lor ing sacedhake bengawan Efrat.


Dene sira, anaking manungsa, mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira tutura marang sawernaning manuk lan sakehing kewan galak: Padha nglumpuka lan mrenea, padha nglumpuka mrene saka ing ngendi-endi, ing pesta kurban kang Sunanakake kanggo sira kabeh, yaiku pesta kurban kang gedhe ing gunung-gununge Israel; sira bakal padha mangan daging lan ngombe getih.


nanging sauwale ing Taun Yobel, palemahan iku dadi suci tumrap Pangeran Yehuwah, kaya dene tanah bengkasan, iku imam kang mesthi ndarbeni.


He, putri Sion, tumandanga lan nutua, marga sungunira bakal Sundadekake kaya wesi, lan kukunira Sundadekake kaya tembaga, satemah sira bakal ngremuk bangsa akeh, lan jarahane bakal sira mligekake kagem Sang Yehuwah, sarta kasugihane kagem Pangeraning salumahe bumi.


Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.


Sapa kang ora tresna marang Gusti, iku kenaa ing ipat-ipat. Maranata!


Nanging kang daklairake iku kawicaksanane Gusti Allah kang kineker sarta winadi, kang wus kacawisake dening Gusti Allah ing sadurunge jagad dumadi, kanggo kamulyan kita.


Awit kabeh wong, kang uripe saka ayahane angger-anggering Toret iku kabawah ing laknat, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat wong kang ora setya anggone nglakoni samubarang kang katulis ana ing kitab angger-anggering Toret.”


Awit angger-anggering Toret iku dhasare dudu iman, nanging sapa kang nglakoni angger-angger, iku bakal urip dening angger-angger.


nanging tumpesen babar pisan, yaiku wong Het, wong Amori, wong Kanaan, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe,


Marga saka pracaya Rakhab, wong wadon tuna-susila, ora katut katumpes bareng karo wong-wong duraka, amarga wus nampani para telik iku kalawan becik.


Amarga Gusti Allah ora kurang adil, nganti Panjenengane banjur kesupen marang ing panggawemu lan katresnanmu kang koklairake kagem asmane srana anggonmu padha ngladeni para suci, kang isih koklakoni nganti saprene iki.


Mangkono uga Rakhab, si sundel iku, apa ora awit saka panggawene anggone kabenerake, nalika ndhelikake para utusan ing omahe, banjur nulungi lolose metu ing dalan liya?


Senapati Yusak bin Nun kalawan sidheman banjur ngutus wong loro saka Sitim kakarsakake nelik, pangandikane: “Kowe padha mangkata, niti-priksaa nagara iku lan kutha Yerikho.” Wong mau tumuli padha mangkat, lan teka ing omahe sawijining wong wadon tunasusila, jenenge Rakhab lan nginep ana ing kono.


Telik loro mau banjur padha lunga njujug ing pagunungan sarta padha lereb ana ing kono lawase telung dina, nganti saulihe kang padha ngoyak, iku wis padha nglacak ing sadalan-dalan, nanging ora ketemu.


Nanging wong Israel padha nerak kasetyane, yaiku njupuk barang-barang sengkeran mau, amarga Akhan bin Karmi, bin Zabdi, bin Zerah, saka taler Yehuda, njupuk barang kang kasengker iku. Mulane Pangeran Yehuwah banjur duka marang wong Israel.


Mulane saiki mangkata, wong Amalek iku telukna, apa kang tinemu ana ing wong-wong iku sirnakna sarta aja ana kang sira welasi. Wonge lanang, wonge wadon, bocah-bocahe lan pasusone, sapine lan wedhuse, untane lan kuldine, kabeh padha patenana.”


Pangandikane Sang Prabu Saul marang bangsa Keni: “Padha lungaa, ngadoha, lan sumingkira saka ing satengahe wong Amalek, supaya kowe aja nganti padha daktumpes bareng karo para wong iku. Sira rak wus padha ngatonake pamitranira karo wong Israel, nalika padha lunga saka ing tanah Mesir?” Mulane wong Keni banjur padha sumingkir saka ing tengah-tengahe wong Amalek.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan