YUSAK 6:15 - Kitab Sutji15 Nanging bareng ing dina kapitune kabeh padha tangi wayah bangun esuk, nalika wetune bang-bang wetan, tumuli padha ngubengi kutha, patrape kaya mangkono iku uga nganti rambah ping pitu; mung ing dina iku nganti rambah kaping pitu anggone padha ngubengi kutha mau. Faic an caibideil |
Marga saka iku aku padha saya kasantosakake dening pangandika kang wis kalairake dening para nabi. Saiba becike, manawa kowe padha nggatekake bab iku, kayadene nggatekake damar kang madhangi panggonan kang peteng, nganti gagat raina sarta jumedhule lintang panjer esuk kang sumunar ana ing sajroning atimu.