Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 6:13 - Kitab Sutji

13 sarta imam pitu kang nggawa kalasangka sungu wedhus pitu padha lumaku ana ing ngarepe pethine Sang Yehuwah, kambi ngunekake kalasangkane, dene kang asikep gegaman padha lumaku ana ing ngarepe, dene wadya-bala panutup lumaku ing saburine pethine Sang Yehuwah, lan tansah binarengan swaraning kalasangka.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 6:13
8 Iomraidhean Croise  

Sarta ing sarehne Gusti Allah paring pitulungan marang para wong Lewi kang padha mboyong pethining prajanjiane Pangeran Yehuwah iku, mulane banjur padha ngunjukake sapi lanang pitu lan wedhus lanang pitu.


Barisan kang buri dhewe golongan kang ngaub marang panji-panjine bani Dhan miturut bagean-bageane, kang mimpin golongan iku: Ahiezer bin Amisyadai,


Nanging sing sapa mantep tekan ing wekasan, iku bakal rahayu.


Aja nganti kita kemba anggon kita gawe kabecikan, awit manawa wus tekan ing kalamangsane, kita bakal ngeneni, anggere kita ora nganti kendho.


Esuke Sang Senapati Yusak isih esuk uthuk-uthuk wus wungu, lan para imam tumuli padha ngusung pethine Pangeran Yehuwah;


Mengkono dadine ing dina kapindho iya mung sapisan anggone ngubengi kutha mau, banjur padha bali menyang ing pakemahan maneh. Kaya mangkono iku patrape ngangti nem dina lawase.


lan anaa imam pitu kang nggawa kalasangka sungu wedhus pitu kang lumaku ana ing ngarepe pethi. Nanging ing dina kang kapitu anggonira padha ngubengi kutha iku kudu kaping pitu sarta para imam mau banjur padha ngunekna kalasangkane.


Kang padha sikep gegaman lumaku ana ing ngarepe para imam kang ngunekake kalasangka, sarta wadyabala panutup padha lumaku ing saburining pethi, anadene kalasangkane kaunekake terus.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan