Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 6:11 - Kitab Sutji

11 Pethine Pangeran Yehuwah dadine dilakokake ngubengi kutha mau mung kaping sapisan, sawuse banjur padha bali menyang ing pakemahan sarta padha nginep ana ing pakemahan kono.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 6:11
4 Iomraidhean Croise  

Nanging Sang Yusak wus dhawuh marang wong kabeh mangkene: “Kowe aja padha surak-surak, malah aja nganti keprungu suwaramu lan aja ana tembung kang kawetu saka ing cangkemmu sanajana mung sakecap, nganti tumeka ing wektune anggonku dhawuh marang kowe: Padha surak-suraka! – kowe banjur padha surak-suraka.”


Esuke Sang Senapati Yusak isih esuk uthuk-uthuk wus wungu, lan para imam tumuli padha ngusung pethine Pangeran Yehuwah;


Mengkono dadine ing dina kapindho iya mung sapisan anggone ngubengi kutha mau, banjur padha bali menyang ing pakemahan maneh. Kaya mangkono iku patrape ngangti nem dina lawase.


Sira padha ngubengana kutha iku, yaiku sakehe prajurit padha ngubengana kutha iku kaping sapisan bae, iku lakonana nganti nem dina lawase,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan