YUSAK 6:1 - Kitab Sutji1 Ing wektu iku kutha Yerikho wus ngancing gapurane, kutha iku wus kancingan marga saka wong Israel, ora ana wong metu utawa mlebu. Faic an caibideil |
Nanging Sang Nata ing Asyur banjur ngonangi anggone Sang Prabu nganakake sekuthon, amarga Sang Prabu Hosea wus ngintunake utusan marang Sang Prabu So, ratu ing Mesir lan ora nyaosi bulubekti maneh marang Sang Nata ing Asyur, kaya adate saben taun. Mulane Sang Nata tumuli dhawuh nyepeng panjenengane, banjur kabanda lan kalebetake ing pakunjaran.
Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “He Elisa, kowe keria ana ing kene, sabab aku kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah menyang Yerikho.” Nanging atur wangsulane: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, saha dhemi gesang panjenengan piyambak, kula temtu boten badhe nilar panjenengan.” Mangkono tindake wus padha rawuh ing Yerikho.