YUSAK 5:7 - Kitab Sutji7 nanging anak-anake iku kang didadekake gegentine, yaiku kang padha ditetaki Sang Yusak, ujer isih padha ikutan, amarga ana ing dalan durung ditetaki. Faic an caibideil |
Ujer nganti patang puluh taun lawase wong Israel anggone padha lumaku ngliwati ara-ara samun, nganti wong sabangsa kabeh iku padha mati, yaiku golongan prajurit kang padha metu saka ing tanah Mesir, kang padha ora ngestokake marang pangandikane Sang Yehuwah, temahan padha kadhawahan supaos dening Sang Yehuwah; yaiku yen mesthi bakal ora kalilan ndeleng tanah kang wus kaprasetyakake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhure klawan supaos, yen bakal diparingake marang kita, tanah kang luber powan lan madu;