Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 5:6 - Kitab Sutji

6 Ujer nganti patang puluh taun lawase wong Israel anggone padha lumaku ngliwati ara-ara samun, nganti wong sabangsa kabeh iku padha mati, yaiku golongan prajurit kang padha metu saka ing tanah Mesir, kang padha ora ngestokake marang pangandikane Sang Yehuwah, temahan padha kadhawahan supaos dening Sang Yehuwah; yaiku yen mesthi bakal ora kalilan ndeleng tanah kang wus kaprasetyakake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhure klawan supaos, yen bakal diparingake marang kita, tanah kang luber powan lan madu;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 5:6
20 Iomraidhean Croise  

Ana wong kang padha nglambrang ana ing ara-ara samun, ora nemu dalan kang anjog marang ing kutha kang dienggoni ing wong.


Kang iku pangandikaningSun: Ingsun bakal ngluwari sira saka kasangsaran ing Mesir, Sunirid menyang tanahe wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, menyang tanah kang luber puwan lan madu.


Mulane Ingsun tumedhak karsa nguwalake umatingSun saka ing tangane wong Mesir, sarta Sunirid metu saka ing nagara iku menyang nagara kang becik lan jembar, nagara kang luber puwan lan madu, panggonane wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.


“Mangkata ngandhanana wong saisining Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun kengetan marang katresnanira ing wektu nom-nomanira, marang katresnanira nalika sira dadi temanten, anggonira ngetutwuri Ingsun ana ing ara-ara samun, ing tanah kang ora ana tetuwuhane.


Ewasamono ana ing ara-ara samun Ingsun supaos ana ing ngarepe, manawa ora bakal Sunbekta lumebu ing tanah kang wus Sunparingake, kang mili susu lan madu, tanah kang endah ana ing antarane sakehing nagara,


Ing dina iku Ingsun supaos ana ing ngarepe manawa bakal padha Sunbekta saka ing tanah Mesir menyang ing tanah kang Sunpilih supaya dadia ebeke, nagara kang mili susu lan madu, tanah kang endah ing antarane sakehing nagara.


Ing wektu iku bakal kelakon gunung-gunung bakal padha netesake anggur anyar, lan tengger-tengger padha mili puwan, lan sakehe kali ing tanah Yehuda padha mili banyu; apamaneh bakal ana tuk metu saka ing padalemane Pangeran Yehuwah, sarta bakal mbanyoni lebak Sitim.


iku mesthi ora bakal padha ndeleng tanah kang wus Sunprasetyakake klawan supaos marang para leluhure! Sakehe wong kang wus nyampahi marang Ingsun, mesthi ora ana kang bakal ndeleng.


Iku mau pratelane kang padha kacacahake dening Nabi Musa lan Imam Eleazar nalika padha ana ing tanah ngare ing Moab, ing sabrange bengawan Yarden, sacedhake kutha Yerikho.


Nalika taun kang kaping patang puluh sasi sawelas tanggal sapisan Nabi Musa ngandikani wong Israel miturut dhawuh timbalane Pangeran Yehuwah tumrap wong Israel;


Anadene lawase anggon kita padha nglembara saka ing Kadesy-Barnea nganti tekan ing sabrange kali Zered mau, telung puluh wolu taun, nganti sagolonganing para prajurit iku wus padha sirna kabeh saka ing pakemahan, kaya anggone wus padha kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah kalawan supaos;


Marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mberkahi kowe ing sabarang gegaweaning tanganmu. Panjenengane wus ngayomi panglembaramu ana ing pasamunan kang jembar ngilak-ilak iku. Salawase patang puluh taun iki Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tansah nunggil karo kowe, temah kowe ora nganti padha kekurangan apa-apa.


Sandhanganmu ora dadi lawas, lan sikilmu ora nganti abuh ing sajrone patang puluh taun iki.


temahan Ingsun supaos sajroning bebenduningSun: Wong-wong iku ora bakal mlebu ing panggonan paleremaningSun.”


Sira disantosa lan diteguh atinira, amarga sira kang bakal nuntun bangsa iki supaya bisa ndarbeni nagara kang Sunjanjekake kalawan supaos marang para leluhure, menawa bakal kaparingake marang dheweke kabeh.


Para leluhurira tumuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, Panjenengane tumuli ndhatengake peteng ndhedhet ana ing antarane sira lan wong Mesir, sarta ndhatengake banyu segara, satemah wong Mesir iku padha kasasaban ing segara. Mripatira wus padha ndeleng dhewe apa kang Suntandukake marang Mesir. Sawuse mangkono leluhurira padha manggon ana ing ara-ara samun nganti antara lawas.


Dhasar sakehing wong kang metu saka ing tanah Mesir, iku wus padha katetakan nanging wiwit budhale saka ing tanah Mesir mau sakehe wong kang lair ana ing dalan ing ara-ara samun iku padha durung ditetaki.


nanging anak-anake iku kang didadekake gegentine, yaiku kang padha ditetaki Sang Yusak, ujer isih padha ikutan, amarga ana ing dalan durung ditetaki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan