Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 5:5 - Kitab Sutji

5 Dhasar sakehing wong kang metu saka ing tanah Mesir, iku wus padha katetakan nanging wiwit budhale saka ing tanah Mesir mau sakehe wong kang lair ana ing dalan ing ara-ara samun iku padha durung ditetaki.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 5:5
9 Iomraidhean Croise  

Manawa kowe pancen mangreti isining pangandika: Kang Sunkarsakake iku kawelasan, dudu kurban, mesthi kowe ora ngukum wong kang ora kaluputan.


Dadi manawa wong kang ora tetak netepi angger-anggering Toret, apa iku ora bakal dianggep padha karo wong kang wus tetak?


Sabab tetak utawa ora tetak iku dudu apa-apa. Kang prelu netepi angger-anggere Gusti Allah.


Sabab tumraping wong-wong kang ana ing Sang Kristus Yesus, bab tetak utawa ora tetak iku ora ana paedahe, ya mung pracaya kang tumindak ing gawe kalawan katresnan.


Sabab tetak utawa ora tetak ora ana paedahe, nanging dadi titah kang anyar iku kang ana paedahe.


Mungguh jalarane anggone wong Israel padha ditetaki Sang Yusak iku mangkene: Sakehe wong lanang kang padha budhal saka ing tanah Mesir yaiku para kang lanang, para prajurit iku wus padha mati ana ing dedalan ing ara-ara samun, sabudhale saka ing tanah Mesir.


Ujer nganti patang puluh taun lawase wong Israel anggone padha lumaku ngliwati ara-ara samun, nganti wong sabangsa kabeh iku padha mati, yaiku golongan prajurit kang padha metu saka ing tanah Mesir, kang padha ora ngestokake marang pangandikane Sang Yehuwah, temahan padha kadhawahan supaos dening Sang Yehuwah; yaiku yen mesthi bakal ora kalilan ndeleng tanah kang wus kaprasetyakake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhure klawan supaos, yen bakal diparingake marang kita, tanah kang luber powan lan madu;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan