Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 5:4 - Kitab Sutji

4 Mungguh jalarane anggone wong Israel padha ditetaki Sang Yusak iku mangkene: Sakehe wong lanang kang padha budhal saka ing tanah Mesir yaiku para kang lanang, para prajurit iku wus padha mati ana ing dedalan ing ara-ara samun, sabudhale saka ing tanah Mesir.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 5:4
8 Iomraidhean Croise  

sakehe wong kang wus weruh ing kaluhuraningSun lan pratandha-pratandha mukjijad kang wus Suntindakake ana ing tanah Mesir lan ing pasamunan, mangka wus padha nyoba marang Ingsun nganti rambah ping sepuluh iki, sarta padha ora gelem ngrungokake dhawuhingSun,


Ewadene panunggalane kang akeh padha ora ndadekake keparenge Gusti Allah, ujer padha katumpes ana ing pasamunan.


Anadene lawase anggon kita padha nglembara saka ing Kadesy-Barnea nganti tekan ing sabrange kali Zered mau, telung puluh wolu taun, nganti sagolonganing para prajurit iku wus padha sirna kabeh saka ing pakemahan, kaya anggone wus padha kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah kalawan supaos;


Bareng bangsa iku para prajurite wus padha entek mati kabeh,


Senapati Yusak tumuli damel lading watu sarta netaki wong Israel ana ing gunung Kulit Khatan.


Dhasar sakehing wong kang metu saka ing tanah Mesir, iku wus padha katetakan nanging wiwit budhale saka ing tanah Mesir mau sakehe wong kang lair ana ing dalan ing ara-ara samun iku padha durung ditetaki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan