Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 5:2 - Kitab Sutji

2 Nalika samana dhawuhe Sang Yehuwah marang Senapati Yusak mangkene: “Sira gawea lading watu, wong Israel padha tetakana maneh ping pindhone.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 5:2
8 Iomraidhean Croise  

Ibu Zipora banjur mundhut lading watu, sarta ngiris ikute kang putra, irisan iku nuli kasenggolake ing sampeyane Sang Musa karo matur: “Saestu panjenengan punika panganten rah tumrap kula.”


Nanging kang diarani wong Yahudi sajati iku yaiku kang ora katon Yahudine, lan tetak kang sajati iku tetaking ati yaiku tetak rohani dudu tata-laire. Lan iku oleh pangalem saka Gusti Allah, ora saka manungsa.


Sarta pratandha tetak iku ditampani minangka ecaping kabeneran awewaton pracayane ing sadurunge supit. Iya mangkono iku anggone panjenengane banjur bisa dadi ramane para wong pracaya kang ora tetak, supaya kabeneran kaetunga tumrap wong-wong iku mau,


Mulane padha netakana atimu lan aja wangkot maneh.


Karodene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal netaki atimu lan atine turunmu, temah ndadekake kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu, njalari kowe lestari urip.


Ana ing Panjenengane anggonmu padha katetakan, dudu tetak kang katindakake dening manungsa, nanging sarana supite Gusti Kristus kang awujud pangrucating badan kang kadosan,


Senapati Yusak tumuli damel lading watu sarta netaki wong Israel ana ing gunung Kulit Khatan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan