15 Senapatining wadya-balane Sang Yehuwah banjur ngandika marang Sang Yusak: “Trumpahira copoten saka ing sikilira, amarga panggonan kang sira enciki iku suci.” Senapati Yusak tumuli iya nglampahi mangkono.
Dhawuhe Gusti Allah: “Sira aja nyedhak mrene, trumpahira copoten saka ing sikilira, awitdene panggonan kang sira idak iku tanah kang suci!”
Ing wektu iku kutha Yerikho wus ngancing gapurane, kutha iku wus kancingan marga saka wong Israel, ora ana wong metu utawa mlebu.
Swara iku mau padha dakrungu tumurun saka ing swarga, nalika aku padha ndherek Panjenengane ana ing gunung kang suci.