Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 5:13 - Kitab Sutji

13 Nalika Sang Senapati Yusak ana ing sacedhake nagara Yerikho, bareng pinuju mirsan-mirsani, katon ana priya jumeneng ing ngarsane, ngasta pedhang ligan, tumuli dipurugi Sang Yusak kalawan pitaken: “Panjenengan punika kanca punapa mengsah?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 5:13
24 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Sang Yehuwah ngatingal marang Rama Abraham ana ing sacedhake wit tarbantin ing Mamre, nalika pinuju lenggahan ana ing lawanganing tarube wayah awan mbeneri panas gumemplang.


Bareng ndengengek mirsa priya telu jumeneng ing ngarsane, banjur murugi methukake sarta sumungkem ing bumi


Bareng Yakub tangi saka anggone turu, banjur ngucap: “Satemene Sang Yehuwah ana ing panggonan kene, aku ora ngreti.”


Yakub tumuli mulat lan banjur weruh Esap teka kairingake wong patang atus. Yakub banjur merang-merang anak-anake, saperangan kapasrahake marang Lea, saperangan marang Rakhel lan marang bature wadon sakarone.


Bareng Esap ndeleng para wong wadon lan bocah-bocah, banjur takon: “Kang padha melu kowe iku sapa bae?” Wangsulane Yakub: “Punika lare-lare peparingipun Gusti Allah dhateng ingkang abdi.”


Ing saben dina ndalidir tekane wong kang padha sowan ing ngarsane Sang Dawud sumedya mbiyantu panjenengane, satemah banjur dadi wadya-bala gedhe, kaya wadya-balaning Allah.


Pangeran Yehuwah nuli dhawuh marang malaekat mau supaya mrangkakake pedhange.


Nanging Sang Prabu Dawud ora wani tindak mrana, sowan marang ing ngarsaning Allah nyuwun pitedahe amarga ajrih marang pedhange Malaekating Sang Yehuwah mau.


Ingsun bakal ngutus malaekatingSun tindak ana ing ngarepira, sarta ngirid lakunira menyang ing tanahe bangsa Amori, bangsa Het, bangsa Feris, bangsa Kanaan, bangsa Hewi lan bangsa Yebus, lan para bangsa iku bakal Suntumpes.


aku ndengengek sumurup ana priya ngagem pangageman lena lan paningset emas saka ing Ufas.


Aku ndengengek banjur weruh wedhus gembel lanang ngadeg ing sangareping kali iku; sungune loro dawa-dawa, nanging kang siji luwih dawa tinimbang sijine, dene kang dawa iku thukule keri.


“Dhek mau bengi aku tampa wahyu: aku ndeleng ana priya nitih jaran abang, jumeneng ana ing antarane wit jambu keling kang ana ing jurang; lan ing burine ana jaran-jaran kang ulese abang, abang nom lan putih.


Nalika kuldine weruh Sang Malaekate Pangeran Yehuwah jumeneng ana ing tengah dalan klawan ngasta pedhang ligan, kuldine mau nuli sumingkir saka ing dalan lan lumebu ing pategalan. Bileam banjur nyabeti supaya bali menyang dalan maneh.


Pangeran Yehuwah banjur damel awasing pandelenge Bileam, temah weruh Sang Malaekate Pangeran Yehuwah jumeneng ana ing dalan klawan ngasta pedhang ligan. Bileam tumuli jengkeng sujud ana ing ngarsane.


Nalika lagi padha tumenga ing langit ngawasake anggone Gusti sumengka iku, dumadakan ana priya loro jumeneng ing sacedhake, padha mangagem putih,


Sang Yehuwah ngandika marang Senapati Yusak: “Lah kutha Yerikho dalah ratu lan para pahlawane kang gagah prakosa Sunulungake ing tanganira.


Sarta ing tengah-tengahe padamaran pitu mau ana kang madha warna Putraning Manungsa, ngagem jubah kang dawane nganti klengsreh tekan ing sampeyane, lan jajane apaningset emas.


pak Manoakh tumuli ngadeg, ngetutake somahe. Bareng wus ketemu karo priya mau, banjur matur: “Punapa Paduka punika ingkang sampun paring pangandika dhateng tiyang estri punika?” Paring wangsulane: “Iya bener.”


Pak Manoakh banjur kandha marang somahe: “Mesthi aku lan kowe bakal padha mati, amarga wus padha ndeleng marang Gusti Allah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan