Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 5:11 - Kitab Sutji

11 Ing dina sabubare Paskahan, dadi ing dina iku uga banjur padha mangan roti tanpa ragi lan gandum garangan saka pametune tanah kono.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 5:11
7 Iomraidhean Croise  

Nganti tumeka ing dina iku sira aja padha mangan roti, gandum gorengan sangan utawa gandum anyar, nganti tumeka anggonira wus padha nyaosake kurbane Allahira mau; iku pranatan kang kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun ana ing sakehe papan panggonanira.


Ing sasi iku tanggal ping limalas iku dadi riyayane roti tanpa ragi sumaos marang Sang Yehuwah; pitung dina lawase sira padha mangana roti tanpa ragi.


manawa sira padha mangan roti pametune nagara iku, nuli sira padha ngladekna pisungsung mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah.


Sajrone wong Israel padha lereb ana ing Gilgal kono, padha ngriyayakake Paskah ing tanggal ping patbelas ing sasi kang lumaku iku, ing wayah sore ana ing tanah ngare ing Yerikho.


Ing dina candhake, bareng wus padha mangan saka pametune tanah kono iku, glepung man banjur ora tiba maneh. Wong Israel dadine wus padha ora kaparingan man maneh, nanging ing taun iku padha mangan pametune tanah Kanaan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan