Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 5:10 - Kitab Sutji

10 Sajrone wong Israel padha lereb ana ing Gilgal kono, padha ngriyayakake Paskah ing tanggal ping patbelas ing sasi kang lumaku iku, ing wayah sore ana ing tanah ngare ing Yerikho.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 5:10
14 Iomraidhean Croise  

Lah kula badhe ngentosi wonten ing sacelakipun panggenan pasabrangan dhateng ing pasamunan, ngantos wonten pawartos saking sampeyan, ingkang suka sumerep dhateng kula.”


Patrape mangan iku mangkene: lambungmu sabukana, sikilmu nganggoa trumpah lan tanganmu nyekela teken, anggonmu mangan kanthi rerikatan, iku Paskahe Pangeran Yehuwah.


Ing sasi kapisan tanggale ping patbelas wayah sore, sira mangana roti tanpa ragi, nganti tumeka tanggal selikur wayah sore.


Cempe mau pisahen dhewe nganti tanggal ping patbelas sasi iki, nuli kasembeleha dening sagolonganing pasamuwane Israel ing wayah sore.


Nanging diburu dening wadya-bala Kasdim lan Sang Prabu Zedhekia kacandhak ana ing lebak Yerikho; panjenengane dicepeng nuli diirid menyang Ribla, ing tanah Hamat, marang ing ngarsane Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, kang netepake paukumane.


Mulane sira, anaking manungsa, nyawisna kapreluaning wong buwangan lan ing wayah awan sira lumakua kayadene wong buwangan ana ing ngarepe wong-wong mau; mangkata saka ing panggonanira saiki menyang panggonan liyane kayadene wong buwangan ana ing ngarepe. Bokmanawa banjur padha ngakoni manawa padha wangkot.


Ing sasi kapisan tanggal ping pat belas ing sasi iku, ing wayah sore iku Paskah kagem Sang Yehuwah.


He umatingSun, padha elinga apa kang karancang dening Balak, ratu ing Moab, lan kapriye kang dadi wangsulane Bileam bin Beor, tuwin apa kang kelakon wiwit saka ing Sitim nganti tekan ing Gilgal, supaya sira ngakonana pandamel-pandameling Yehuwah kang adil.”


Bangsa mau anggone mentas saka ing bengawan Yarden mbeneri tanggal ping sepuluh sasi kapisan; banjur padha lereb ana ing Gilgal, ing tapel-watese Yerikho kang sisih wetan.


Ing dina sabubare Paskahan, dadi ing dina iku uga banjur padha mangan roti tanpa ragi lan gandum garangan saka pametune tanah kono.


Kaya mangkono anggone padha sowan marang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing pakemahan ing Gilgal. Ature marang Senapati Yusak lan para wong Israel: “Kula punika sami dhateng saking tanah tebih, lah sapunika panjenengan karsaa damel prajanjian kaliyan kula.”


Saben taun panjenengane tindak mider-mider menyang Betel, Gilgal lan Mizpa sarta ngereh wong Israel ana ing sakehe panggonan kono iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan