Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 5:1 - Kitab Sutji

1 Bareng sakehe para ratune bangsa Amori kang ana ing sakulone bengawan Yarden lan sakehe ratune bangsa kang ana ing pinggir sagara, padha mireng pawartane Sang Yehuwah anggone ngasatake banyune bengawan Yarden ana ing ngarepe wong Israel, nganti sarampunge anggone nyabrang, panggalihe temah padha lemes lan ilang semangate ana ing ngarepe wong Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 5:1
32 Iomraidhean Croise  

Rama Abram banjur ndlajahi tanah mau nganti tutug ing panggonan ing sacedhake Sikhem, yaiku ing sacedhake wit terbantin ing More. Nalika samana kang ngenggoni tanah kono bangsa Kanaan.


Lan kowe dakpandumi ngluwihi para sadulurmu, gegere gunung kang dakrebut saka ing tangane wong Amori sarana pedhang lan panahku.”


Sang Prabu banjur nimbali wong-wong Gibeon sarta dipangandikani: – wong Gibeon iku ora padha kagolong bangsa Israel, nanging klebu kekarene bangsa Amori, mangka wong Israel wus padha prajanji klawan supata, ewadene Sang Prabu Saul marga saka mempenge anggone tumindak kanggo wong Israel lan wong Yehuda banjur ngudi sirnane wong-wong mau. –


dhaharan ing mejane, patrap anggone para abdine padha lungguh ngadhep, patrap anggone para peladen padha leladi lan anggone padha manganggo, pangunjukane tuwin kurban obaran kang saben-saben kacaosake ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah, Sang Raja Putri banget erame.


Sawuse lelakon iku mau kabeh, para panggedhe nuli padha ngrawuhi aku lan ngandika: “Umat Israel saha para imam tuwin para tiyang Lewi punika sami boten nebihi para tiyang ing tanah ngriki saha lampahipun ingkang nistha, inggih punika tiyang Kanaan, tiyang Het, tiyang Feris, tiyang Yebus, tiyang Amon, tiyang Moab, tiyang Mesir saha tiyang Amori.


Sihon, ratune bangsa Amori, Og, ratu ing nagara Basyan, lan sakehe karajan ing tanah Kanaan,


Karodene Ingsun bakal ngeculake tawon ndhingini sira, iku bakal nundhungi wong Hewi, wong Kanaan lan wong Het saka ing ngarepira.


Pulo-pulo padha sumurup lan banjur wedi, poncot-poncoting bumi padha gumeter; padha teka lan saya cedhak.


Lan tutura mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang Yerusalem: Asalira lan kalairanira iku saka ing tanah Kanaan; bapakira iku wong Amori lan ibunira wong Heti.


Dene manawa padha takon marang sira: Yagene kowe sesambat? Wangsulana: Marga saka ana pawarta! Manawa pawarta iku wus sumebar, saben wong atine bakal remuk lan sakehe tangan dadi jimpe, sakehe semangat ilang lan sakehe wong padha giris nganti kapoyuh-poyuh. Lah iku bakal teka lan mesthi bakal kelakon. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


Sang Prabu banjur pucet, lan kejot marga saka kang diraos; ros-rosaning wentis dadi lemes, sarta gathik-gathik jengkune.


Mangka Ingsun kang wus numpes saka ing ngarepe bangsa Amori, bangsa Amori kang dedege kaya wit eres lan kang santosa kaya wit elon, padha Suntumpes wohe ing dhuwur lan oyode ing ngisor.


Tiyang Amalek ingkang ngenggeni tanah Negeb, tiyang Het, tiyang Yebus lan tiyang Amori sami manggen ing pareden, wondene tiyang Kanaan manggen ing sauruting pasisir lan sauruting benawi Yarden.”


Nanging wong trahe Manasye padha ora kwagang ngrayud kutha-kutha iku mau, sabab wong Kanaan nekad padha manggon ana ing kono.


Nanging pagunungan iku dadia darbekmu, mung sarehne wujud alas, mulane babadana, nganti tekan ing poncot-poncote pisan bakal dadi duwekmu, amarga bangsa Kanaan iku sanadyan padha duwe kareta wesi lan padha santosa, ewadene iya mesthi bakal bisa koktundhung uga.”


Nanging manawa panimbangmu ora prayoga ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mara ing dina iki kowe padha miliha, sapa kang arep kokbekteni, apa allah kang dibekteni para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat, apa allahe wong Amori kang nagarane padha kokenggoni iki. Nanging mungguh ing aku lan sakulawangsaku iki, aku bakal padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah!”


banyu kang mili saka ing dhuwur banjur mambeg. Banyu kang mili saka ing dhuwur angendhukur dadi bendungan, dawa banget nganti tekan ing sacedhake kutha Adam, kang kaprenah ana ing sisihe Sartan; dene banyu kang mili menyang ing Segara Araba, yaiku Segara Asin, iku pedhot babar pisan. Bangsa Israel tumuli padha nyabrang prenahe ana ing ngarepe kutha Yerikho.


Nanging para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah iku padha mandheg ana ing gasikan ing tengahing bengawan Yarden; dene wong Israel sabangsa kabeh padha nyabrang ana ing gasikan, nganti kabeh wus padha nyabrang ing bengawan kono.


Para raja mau bakal padha ngadeg ngedohi, awit saka wedine marang panyiksane lan bakal ngucap: “Cilaka, cilaka kowe, he kutha gedhe Babil, he kutha kang santosa, dene paukumanmu wus tumindak mung ing sajrone sajam!”


Sasedane Rama Yusak wong Israel tumuli padha neges marang Sang Yehuwah: “Panunggilan kawula sinten ingkang kedah ngrumiyini nglurug perang nglawan bangsa Kanaan?”


Lah sapunika, Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel sampun ngrebat darbekipun tiyang Amori wau kangge Israel, umatipun. Punapa panjenengan dalem badhe ngrebat nagarinipun punika?


Kang isih yaiku ratu kutha lelima ing tanah Filisti lan sakehe wong Kanaan, wong Sidon tuwin wong Hewi kang padha ngenggoni pagunungan Libanon, wiwit ing gunung Baal-Hermon tutug ing dalan kang menyang ing Hamat.


Tumuli padha dipasrahake Sang Yehuwah marang ing astane Prabu Yabin, ratu ing Kanaan, kang ngasta paprentahan ing Hasor, Senapatine jejuluk Sang Sisera, kang dedalem ana ing Haroset-Hagoyim.


Nanging esuke, nalika Nabal wus ora mendem, lagi diblakani dening somahe mungguh sakehe prakara iku. Dumadakan jantunge mandheg ing dhadhane lan awake kaku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan