Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 4:9 - Kitab Sutji

9 Apa maneh Sang Senapati Yusak banjur ngadegake watu rolas ana ing satengahe kali Yarden, ing tilas papan tumapake tlapakane para imam, kang ngusung pethi prasetyan. Watu-watu mau isih tetep ana ing kono nganti tumeka saiki.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 4:9
16 Iomraidhean Croise  

Sumur iku tumuli diparingi jeneng: Syeba, mulane nagara kono ketelah aran Bersyeba nganti saiki.


Esuke umun-umun Yakub njupuk watu kang kanggo bantal mau lan diedegake dadi tugu lan ing dhuwure diesoki lenga.


Wong Beerot wis padha ngungsi menyang ing Gitaim lan dadi wong neneka ana ing kana nganti saprene.


Sawuse iku nuli mundhut watu rolas, miturut cacahe taler tedhake Rama Yakub. – Rama Yakub iku wus kaparingan pangandika dening Sang Yehuwah: “Sira bakal ajeneng Israel.” –


Pikulane iku dawane pucuke katon saka ing pasucen, ing sangarepe kamar mburi, nanging ora katon saka ing njaba; iya ana ing kono iku papane nganti tekan ing dina iki.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha ing gunung sowan marang ing ngarsaningSun, lan tetepa ana ing kono, nuli sira bakal Sunparingi papan watu, kang wus Sunserati angger-angger lan pepakon, supaya sira wulangna marang wong-wong iku.”


Sesotya iku kaetrapana jenenge para anake Israel, mulane cacahe kudu rolas. Lan ing saben sotya diukirna jenenge, niji miturut taler rolas, kaya patrape gawe cap.


Mulane palemahan mau saprene diarani: palemahan getih.


Para prajurit banjur padha nampani dhuwite lan nindakake apa kang wis kadhawuhake. Carita mangkono iku banjur sumebar ana ing satengahe wong-wong Yahudi nganti saprene.


Banjur dipetak dening Panjenengane ana ing lebake tanah Moab ing penere Bet-Peor, ora ana wong kang weruh pasareane nganti tekan ing dina iki.


Senapati Yusak banjur nyerati sakehing pangandika iku mau ana ing kitab angger-anggere Gusti Allah, banjur mundhut watu gedhe siji diadegake ana ing papan kono ana ing sangisore wit-witan kang gedhe, ing sacedhaking pasucene Sang Yehuwah.


Para imam kang padha ngusung pethi mau padha terus ngadeg ana ing satengahing bengawan Yarden, nganti wus rampung kalakon kabeh apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Senapati Yusak, kang kudu kaprentahake marang bangsa iku, condhong karo apa saprentahe Nabi Musa marang Sang Yusak.


Wong iku banjur menyang ing tanahe bangsa Het, ana ing kono yasa kutha, kang diarani Lus. Mangkono arane kutha iku tetep nganti saprene.


Lan kaya mangkono tumindake ing dina iku lan sabanjure; bab iku dipacak dadi katetepan lan pranatan tumrap wong Israel nganti saprene.


Nabi Samuel banjur mundhut watu lan diadegake ana ing antarane Mizpa lan Yesana, panjenengane maringi jeneng iku: Eben-Haezer, pangandikane: “Sang Yehuwah wus mitulungi kita tekan ing kene!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan