Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 4:8 - Kitab Sutji

8 Wong Israel tumuli padha nglakoni sadhawuhe Sang Senapati Yusak, padha ngusung watu saka ing satengahe bengawan Yarden, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Senapati Yusak, miturut cacahe talere wong Israel, banjur padha diusungi menyang ing sabrange bengawan menyang ing papan panginepan lan diselehake ana ing kono.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 4:8
6 Iomraidhean Croise  

Wong Israel banjur padha lunga sarta nglakoni sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa lan Rama Harun. Kaya mangkono wong-wong mau anggone padha ngestokake.


Nabi Musa banjur nyerati sakehe pangandikaning Sang Yehuwah, sarta esuke nalika isih bangun esuk banjur ngedegake misbyah ana ing sikile gunung iku, lan tugu rolas miturut cacahe taler Israel.


Sang Senapati Yusak nuli numpuk watu rolas kang kajupuk saka ing bengawan Yarden mau ana ing Gilgal,


Apa maneh Sang Senapati Yusak banjur ngadegake watu rolas ana ing satengahe kali Yarden, ing tilas papan tumapake tlapakane para imam, kang ngusung pethi prasetyan. Watu-watu mau isih tetep ana ing kono nganti tumeka saiki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan