Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 4:6 - Kitab Sutji

6 supaya iku dadia pratandha ana ing satengahmu. Menawa anak-anakmu besuk padha takon: Sela punika tegesipun kados pundi tumrap panjenengan?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 4:6
19 Iomraidhean Croise  

Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Kidung piwulang.


dhuh Allah, ngantosa kawula sepuh sarta uwanen, kawula mugi sampun ngantos Paduka tilar, supados kawula saged nyriyosaken pangwaos Paduka dhumateng para turun samangke, sarta kasantosan Paduka dhateng sakathahipun tiyang ingkang badhe dhateng.


Anadene dina iku dadia dina pangeling-eling tumrap sira, padha sira dadekake riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah turun-temurun. Padha riyayakna, dadekna pranatan kanggo ing salawase.


Anadene manawa besuk samangsa anakmu takon marang kowe: Punika tegesipun kadospundi? Banjur tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan klawan asta kang rosa.


Pranatan iki dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger pangeling-eling ana ing bathukmu, supaya angger-anggere Pangeran Yehuwah ana ing lambemu. Awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir.


“Sira mratelakna pangandikaningSun marang wong Israel, mangkene: Poma sira padha netepana dina-dina SabatingSun, awit iku minangka pratandha ana ing antarane Ingsun lan sira, nganti turun-tumurun, supaya sira sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, kang nucekake sira kabeh.


Nanging namung tiyang ingkang gesang, punika ingkang ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, kados kawula ing dinten punika; bapa badhe suka sumerep bab kasetyan Paduka dhateng anak-anakipun.


Minangka gantine grumbul eri bakal thukul wit beros, tuwin minangka gantine kecubung bakal thukul wit jambu keling; iku bakal kelakon minangka srana kang njalari misuwuring Yehuwah, minangka tandha langgeng kang ora bakal sirna.


Dina-dina SabatingSun uga Sunparingake minangka pratandha ing antarane Ingsun lan dheweke kabeh, supaya padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, kang nucekake wong-wong mau.


dina-dina SabatingSun padha sira sucekna, supaya iku dadia pratandha ing antaraningSun lan sira kabeh, satemah wong banjur sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah Allahira.


padupane wong kang padha dosa kang wus nombokake nyawane; pada kagemblenga kang tipis kagawea mblongsong misbyah, marga wus disaosake ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, mulane kabeh iku wus padha dadi sengkeran; sarta padha dadia pratandha tumrap wong Israel.”


Awitdene ingkang kaparingan prajanji punika panjenengan sadaya saha para putra panjenengan tuwin tiyang-tiyang ingkang taksih tebih sadaya, sapinten ingkang badhe tinimbalan dening Pangeran Allah kita.”


Padha wulangna marang anak-anakmu, karembuga manawa lagi padha lungguhan ana ing omahmu, manawa mbeneri lumaku ana ing dalan, manawa lagi turon lan manawa tangi;


namung supados misbyah punika dados seksi ing antawisipun kula kaliyan panjenengan sarta ing antawisipun turun kita ing sapengker kita, bilih kula badhe sami tetep ngabekti dhumateng Sang Yehuwah wonten ing ngarsanipun mawi kurban obaran, kurban sembelehan, saha kurban kula kawilujengan; supados putra wayah panjenengan ing benjing sampun ngantos wonten tembungipun dhateng anak putu kula: Kowe padha ora duwe panduman ing ngatase Sang Yehuwah.


lan banjur ngandika marang wong Israel: “Manawa besuk anak-anakmu padha takon marang bapakne, apa tegese watu-watu iki,


iku padha didhawuhi mangkene: “Padha nyabranga ing ngarepe pethine Sang Yehuwah, Gusti Allahmu ing satengahe bengawan Yarden, banjur njupuka watu siji manut cacahe talere wong Israel,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan