Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 4:5 - Kitab Sutji

5 iku padha didhawuhi mangkene: “Padha nyabranga ing ngarepe pethine Sang Yehuwah, Gusti Allahmu ing satengahe bengawan Yarden, banjur njupuka watu siji manut cacahe talere wong Israel,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 4:5
7 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Yakub banjur matur marang para kadang: “Sumangga sami nglempakaken sela!” Tumuli padha njupuki watu digawe tumpukan, banjur padha mangan ana ing sacedhake tumpukan mau.


Nabi Musa banjur nyerati sakehe pangandikaning Sang Yehuwah, sarta esuke nalika isih bangun esuk banjur ngedegake misbyah ana ing sikile gunung iku, lan tugu rolas miturut cacahe taler Israel.


Lan samangsa kowe wus padha nyabrang ing bengawan Yarden lumebu ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, nuli kowe ngadegna watu kang gedhe-gedhe sarta laburen,


“He wong Israel, rungokna. Saiki kowe bakal nyabrang bengawan Yarden, arep lumebu sarta ngenggoni tanahe bangsa-bangsa kang cacahe lan kakuwatane ngungkuli kowe, yaiku kang kutha-kuthane gedhe lan mawa balowarti kang dhuwure nganti sundhul ing langit;


Satekane ing Gilead, ing sapinggire bengawan Yarden, ing wewengkone tanah Kanaan, bani Ruben lan bani Gad tuwin separoning talere Manasye mau tumuli padha gawe misbyah ana ing sapinggire bengawan Yarden kono, misbyah kang gedhe.


Sang Senapati Yusak banjur nimbali wong rolas, kang wus piniji saka ing antarane wong Israel, saben taler wong siji,


supaya iku dadia pratandha ana ing satengahmu. Menawa anak-anakmu besuk padha takon: Sela punika tegesipun kados pundi tumrap panjenengan?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan