Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 4:3 - Kitab Sutji

3 Padha njupuka watu rolas iji saka ing kene, saka ing satengahe bengawan Yarden iki, saka ing panggonan mandhege tlapakane para imam, padha usungen menyang ing sabrange bengawan, nuli selehna ana ing papan kang bakal kokinepi mengko bengi.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 4:3
11 Iomraidhean Croise  

Dene watu kang wus dakedegake dadi tugu iki bakal dadi padalemane Gusti Allah. Punapa malih samukawis ingkang Paduka paringaken dhateng kawula punika saprasedasanipun badhe kawula saosaken dhateng Paduka.”


Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah, lan aja lali marang sakehing kasaenane!


Sang Yehuwah ana ing padalemane kang suci; Sang Yehuwah dhampare ana ing swarga; tingale maspadakake, kedheping tingale niti-priksa anaking manungsa.


Paring wangsulane: “Aku pitutur ing kowe: Manawa wong iku padha meneng, watu-watu iki bakal padha nguwuh-uwuh.”


Senapati Yusak nuli ngandika marang wong sabangsa kabeh: “Lah watu iki minangka seksi tumrap kita, amarga wus krungu sakehing pangandikane Sang Yehuwah kang wus kadhawuhake marang kita. Mulane watu iki bakal dadi seksi tumrap ing kowe, supaya kowe aja nganti padha nyelaki marang Gusti Allahmu.”


manawa tlapakane para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah, Gusti Allahing salumahe bumi mandheg ana ing banyuning bengawan Yarden, banyune dadakan banjur bakal piyak, banyune kang saka ing dhuwur temah bakal mandheg anggone mili dadi bendungan.”


Sang Senapati Yusak banjur nimbali wong rolas, kang wus piniji saka ing antarane wong Israel, saben taler wong siji,


Wong Israel tumuli padha nglakoni sadhawuhe Sang Senapati Yusak, padha ngusung watu saka ing satengahe bengawan Yarden, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Senapati Yusak, miturut cacahe talere wong Israel, banjur padha diusungi menyang ing sabrange bengawan menyang ing papan panginepan lan diselehake ana ing kono.


Nabi Samuel banjur mundhut watu lan diadegake ana ing antarane Mizpa lan Yesana, panjenengane maringi jeneng iku: Eben-Haezer, pangandikane: “Sang Yehuwah wus mitulungi kita tekan ing kene!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan