YUSAK 4:24 - Kitab Sutji24 iku supaya sakehe bangsa ing sajagad ngawruhana yen astane Sang Yehuwah iku kuwasa, temah padha tansah eringa marang Sang Yehuwah Gusti Allahmu!” Faic an caibideil |
Sang Senapati banjur tindak wangsul sapandhereke kabeh menyang ing daleme abdining Allah. Bareng wus rawuh ing kono nuli jumeneng ana ing ngarsane Nabi Elisa sarta ngandika: “Sapunika kula sumerep, bilih ing salumahing bumi punika boten wonten Gusti Allah kajawi ing Israel. Milanipun panjenengan mugi karsaa nampeni atur-aturipun ingkang abdi punika.”
Ing dina iki uga Sang Yehuwah bakal masrahake kowe marang ing tanganku lan aku bakal ngasorake kowe sarta nugel gulumu; ing dina iki uga aku bakal makakake bathangmu lan bathange bala Filisti marang manuk-manuk ing awang-awang lan marang kewan galak, supaya salumahing bumi padha sumurupa, yen Israel duwe Allah.