Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 4:23 - Kitab Sutji

23 amarga Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngasatake bengawan Yarden ana ing ngarepmu, temah kowe padha bisa nyabrang, padha kaya kang ditindakake Sang Yehuwah Gusti Allahmu tumrap Segara Teberau, kang diasatake ana ing ngarepku kabeh, temah aku padha bisa nyabrang,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 4:23
8 Iomraidhean Croise  

mugi Paduka ugi karsa midhangetaken wonten ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, punapa dene Paduka mugi karsaa tumindak salaras kaliyan sadaya ingkang dipun unjukaken dening tiyang manca wau dhumateng Paduka, supados sadaya bangsa ing bumi sami tepang kaliyan asma Paduka, satemah sami ajrih dhumateng Paduka kados dene umat Paduka Israel saha lajeng sami sumerep, bilih asma Paduka kaucapaken tumrap ing padaleman ingkang sampun kawula degaken punika.


Wonten ing ngajengipun para leluhur wau, Paduka miyak seganten, temah sami saged nyabrang, medal ing gasikan wonten ing satengah-tengahing seganten wau. Nanging ingkang sami mbujeng Paduka cemplungaken ing teleng kados sela wonten ing toya ingkang ngebat-ebati.


segara dipiyak, para leluhur padha disabrangake; banyune diadegake kaya bendungan,


Nabi Musa banjur ngayatake astane marang ing sadhuwure sagara, Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake banyune larud marga saka angin wetan kang banter nganti sawengi natas, sagarane dadi gasik, banyune kapiyak.


Nalika jarane Sang Prabu Pringon lan kretane dalah balane jaranan padha mlebu ing sagara, nuli Pangeran Yehuwah nangkebake banyune sagara maneh, temah padha kleleb, balik wong Israel padha ngambah gasikan ana ing tengahe sagara.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, kang wus karya dalan ngliwati sagara lan ngliwati banyu kang ngedab-edabi,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan