Sawuse iku nuli mundhut watu rolas, miturut cacahe taler tedhake Rama Yakub. – Rama Yakub iku wus kaparingan pangandika dening Sang Yehuwah: “Sira bakal ajeneng Israel.” –
“Sira nglakokna wong sawatara kang nelik marang tanah Kanaan, kang bakal Sunparingake marang wong Israel; saben talering leluhure kapiliha wong siji, padha panunggalane para pemimpin.”
Padha njupuka watu rolas iji saka ing kene, saka ing satengahe bengawan Yarden iki, saka ing panggonan mandhege tlapakane para imam, padha usungen menyang ing sabrange bengawan, nuli selehna ana ing papan kang bakal kokinepi mengko bengi.”