Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 4:18 - Kitab Sutji

18 Bareng para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah wus padha mentas saka ing tengahe bengawan Yarden lan lagi bae tlapakane ngancik ing dharatan, banyune bengawan Yarden banjur bali ing panggonane, sarta mili kaya ing maune ngluberi ing pinggire kabeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 4:18
8 Iomraidhean Croise  

Iya wong-wong iku kang nyabrang ing bengawan Yarden ing sasi kapisan, sanadyan bengawan iku luber sarta iya wong-wong iku kang nglungakake sakehe wong kang padha manggon ing sisih wetan lan sisih kulon.


sarta nrobos lumebu ing Yehuda, dadi kaya banjir kang gedhe nganti sagulu; apadene pambebere swiwine bakal ngacaki tanahira kabeh, dhuh Imanuel!”


manawa tlapakane para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah, Gusti Allahing salumahe bumi mandheg ana ing banyuning bengawan Yarden, banyune dadakan banjur bakal piyak, banyune kang saka ing dhuwur temah bakal mandheg anggone mili dadi bendungan.”


Dumadakan bareng kang ngusung pethi mau tutug ing bengawan Yarden, lan tlapakaning para imam kang ngusung pethi kacelup ing banyu ing pinggiring bengawan – sajrone mangsa panen bengawan Yarden iku luber ing sauruting pinggire –


Bangsa Israel nuli age-age padha nyabrang, pethine Sang Yehuwah lan para imam tumuli padha lumaku, sinawang dening para umat.


Sang Senapati Yusak tumuli dhawuh marang para imam mangkene: “Padha mentasa saka ing bengawan Yarden!”


Bangsa mau anggone mentas saka ing bengawan Yarden mbeneri tanggal ping sepuluh sasi kapisan; banjur padha lereb ana ing Gilgal, ing tapel-watese Yerikho kang sisih wetan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan