Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 4:14 - Kitab Sutji

14 Ing dina iku Pangeran Yehuwah ngluhurake asmane Sang Senapati Yusak ana ing ngarepe wong Israel kabeh, temah ing sajege gesang winedenan, kaya anggone wedi marang Nabi Musa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 4:14
14 Iomraidhean Croise  

Bareng wong Israel kabeh krungu putusaning pangadilan kang diparingake dening Sang Prabu, kabeh banjur padha wedi marang Sang Prabu, amarga padha sumurup, manawa panjenengane kadunungan kawicaksananing Allah kagem nindakake pangadilan.


Nalika pepanthan nabi saka ing Yerikho ndeleng Nabi Elisa saka ing kadohan, tumuli padha ngucap: “Elisa wus kadunungan rohe Nabi Elia!” Wong-wong mau banjur padha sowan marang ing ngarsane sarta padha sumungkem ing bumi,


Pangeran Yehuwah ndadosake Sang Prabu Suleman luhur luwih dening banget ana ing ngarepe wong Israel kabeh lan maringi marang panjenengane kaagunganing karajan kaya kang durung tau dialami dening sakehe ratu ing Israel kang ngasta paprentahan sadurunge panjenengane.


Ana ing Yehuda pranyata manawa astane Gusti Allah nggemblengake atine wong-wong anggone padha nglakoni dhawuhe Sang Prabu sarta para panggedhe, cundhuk karo pangandikaning Yehuwah.


Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake wong Mesir padha atindak loma marang bangsa iku, lan maneh Nabi Musa iku kajen banget ana ing tanah Mesir, ana ngarepe para abdine Sang Prabu Pringon lan para kawulane.


Wong Israel bareng nyipati gedhening pandamele Pangeran Yehuwah kang ditandukake marang wong Mesir, bangsa iku nuli padha wedi marang Pangeran Yehuwah sarta kumandel marang Pangeran Yehuwah lan marang Nabi Musa abdine.


He anakku, diwedi asih marang Pangeran Yehuwah lan marang ratu, aja mbalila marang sakaro-karone.


Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah, murih becikmu. Nanging manawa kowe nindakake piala, iya wedia. Marga ora tanpa gawe anggone ngasta pedhang. Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah kang malesake paukuman marang wong kang nglakoni piala.


Apadene Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Senapati Yusak: “Ing dina iki Ingsun bakal miwiti ngluhurake jenengira ana ing ngarepe umat Israel kabeh, supaya iku padha sumurupa, yen Ingsun bakal nunggil karo sira, kayadene anggoningSun nunggil karo Musa.


Bala prajurit kang siyaga ing perang cacahe watara patang puluh ewu, iku padha nyabrang ana ing ngarsane Sang Yehuwah menyang ing tanah ngarene Yerikho, padha arep mangsah perang.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Sang Yusak mangkene:


Nabi Samuel banjur nyebut marang Sang Yehuwah, nuli Sang Yehuwah ing dina iku paring gludhug lan udan, temah wong sabangsa kabeh padha wedi marang Sang Yehuwah lan marang Nabi Samuel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan