13 Bala prajurit kang siyaga ing perang cacahe watara patang puluh ewu, iku padha nyabrang ana ing ngarsane Sang Yehuwah menyang ing tanah ngarene Yerikho, padha arep mangsah perang.
Nanging wadya-bala ing Kasdim padha ngoyak Sang Prabu, lan kacepeng ana ing tanah warata ing Yerikho, sakehe wadya-balane wus padha bubar buyar ninggal panjenengane.
Nanging Gusti Allah anggone ngirid bangsa iku dienggokake metu pasamunan saurute sagara Teberau. Wong Israel anggone padha budhal saka ing tanah Mesir, kalawan siyaga ing perang.
Nanging diburu dening wadya-bala Kasdim lan Sang Prabu Zedhekia kacandhak ana ing lebak Yerikho; panjenengane dicepeng nuli diirid menyang Ribla, ing tanah Hamat, marang ing ngarsane Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, kang netepake paukumane.
Nanging bala Kasdim mburu Sang Prabu lan Sang Prabu Zedhekia kecepeng ana ing lebak Yerikho; para wadya-balane wus padha pating slebar ninggal panjenengane.
nanging kula piyambak sami badhe enggal-enggal samekta dedamel lan badhe mlampah wonten ing ngajengipun tiyang Israel, ngantos dumugi ing panggenanipun; dene anak-anak kula badhe sami manggen wonten ing kitha-kitha ingkang santosa, margi saking tiyang bumi ing nagari punika.
Ing nalika iku kowe padha dakprentahi mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu wus maringake nagara iki marang kowe dadi duwekmu, nanging sapira panunggalanmu kang gagah prakosa, padha nyabranga kalawan sikep gegaman ana ing ngarepe para sadulurmu, wong Israel;
Uga wong bani Ruben lan bani Gad lan saparoning bani Manasye padha nyabrang kalawan asikep gegaman ana ing ngarepe wong Israel, ngetrepi apa kang wus kadhawuhake dening Nabi Musa marang wong-wong mau.
Ing dina iku Pangeran Yehuwah ngluhurake asmane Sang Senapati Yusak ana ing ngarepe wong Israel kabeh, temah ing sajege gesang winedenan, kaya anggone wedi marang Nabi Musa.
Sajrone wong Israel padha lereb ana ing Gilgal kono, padha ngriyayakake Paskah ing tanggal ping patbelas ing sasi kang lumaku iku, ing wayah sore ana ing tanah ngare ing Yerikho.
Tumuli wong Israel kabeh padha metu ngumpul seba marang ing ngarsane Sang Yehuwah ing Mizpa, lan sabiyantu padha nglumpuk wiwit saka ing Dhan nganti tutug ing Bersyeba, lan uga saka ing tanah Gilead.