Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 4:11 - Kitab Sutji

11 Bangsa Israel nuli age-age padha nyabrang, pethine Sang Yehuwah lan para imam tumuli padha lumaku, sinawang dening para umat.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 4:11
7 Iomraidhean Croise  

Lah angognmu padha metu bakal ora kalawan kesusu tuwin ora bakal kaya keplayu, amarga Pangeran Yehuwah bakal lumampah ana ing ngarepmu, sarta Gusti Allahe Israel bakal dadi panutuping barisanmu.


Bareng sira wus padha nyabrang ing bengawan Yarden, lan wus tekan ing Yerikho, wong-wong ing kutha iku, wong Amori, wong Feris, wong Kanaan, wong Het, wong Girgasi, wong Hewi lan wong Yebus banjur padha nglawan perang, nanging padha Sunulungake ing tanganira.


Nanging para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah iku padha mandheg ana ing gasikan ing tengahing bengawan Yarden; dene wong Israel sabangsa kabeh padha nyabrang ana ing gasikan, nganti kabeh wus padha nyabrang ing bengawan kono.


Para imam kang padha ngusung pethi prasetyan padha prentahana: Satekamu ing pinggiring bengawan Yarden, padha mandhega ing satengahing bengawan kono.”


Para imam kang padha ngusung pethi mau padha terus ngadeg ana ing satengahing bengawan Yarden, nganti wus rampung kalakon kabeh apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Senapati Yusak, kang kudu kaprentahake marang bangsa iku, condhong karo apa saprentahe Nabi Musa marang Sang Yusak.


Uga wong bani Ruben lan bani Gad lan saparoning bani Manasye padha nyabrang kalawan asikep gegaman ana ing ngarepe wong Israel, ngetrepi apa kang wus kadhawuhake dening Nabi Musa marang wong-wong mau.


Bareng para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah wus padha mentas saka ing tengahe bengawan Yarden lan lagi bae tlapakane ngancik ing dharatan, banyune bengawan Yarden banjur bali ing panggonane, sarta mili kaya ing maune ngluberi ing pinggire kabeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan