Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 4:10 - Kitab Sutji

10 Para imam kang padha ngusung pethi mau padha terus ngadeg ana ing satengahing bengawan Yarden, nganti wus rampung kalakon kabeh apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Senapati Yusak, kang kudu kaprentahake marang bangsa iku, condhong karo apa saprentahe Nabi Musa marang Sang Yusak.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 4:10
14 Iomraidhean Croise  

Kawula enggal-enggal saha boten badhe ngrendhetaken anggen kawula netepi pepaken Paduka.


Mungguh jladren anggone nggawa saka ing tanah Mesir mau diolah digawe roti bunder tanpa ragi, marga jladrene ora nganggo dirageni, sabab metune saka tanah Mesir ora bisa kanti lon-lonan, temah ora nganti kober nyawisake sangu.


Aja ngalembana awakmu dhewe marga saka dina sesuk, awit kowe ora sumurup apa kang bakal kelakon ing dina iku.


Samubarang kabeh kang tinemu dening tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu, awit ing jagading wong mati kang bakal kokparani ora ana pagawean, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan.


mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Lah Ingsun mrenahake ana ing Sion sawijining watu, watu kang wus ketitik becik minangka tetales, watu pepojok kang larang, tetales kang santosa: sing sapa pracaya, ora bakal goreh!


Sabab Gusti Allah ngandika: “Ing mangsa kang ngremenake Ingsun wus miyarsakake sira, lan ing dinane karahayon Ingsun wus mitulungi sira.” Satemen-temene, iya wektu iki wektu kang ngremenake iku; iya dina iki dinane karahayon iku.


Sawuse nabi Musa nyerati angger-anggere Toret, iku banjur diparingake marang para imam bani Lewi, kang ngusung pethi prasetyaning Pangeran Yehuwah lan marang sakehe para tuwa-tuwane Israel;


Bareng sira wus padha nyabrang ing bengawan Yarden, lan wus tekan ing Yerikho, wong-wong ing kutha iku, wong Amori, wong Feris, wong Kanaan, wong Het, wong Girgasi, wong Hewi lan wong Yebus banjur padha nglawan perang, nanging padha Sunulungake ing tanganira.


manawa tlapakane para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah, Gusti Allahing salumahe bumi mandheg ana ing banyuning bengawan Yarden, banyune dadakan banjur bakal piyak, banyune kang saka ing dhuwur temah bakal mandheg anggone mili dadi bendungan.”


Bangsa Israel nuli age-age padha nyabrang, pethine Sang Yehuwah lan para imam tumuli padha lumaku, sinawang dening para umat.


Apa maneh Sang Senapati Yusak banjur ngadegake watu rolas ana ing satengahe kali Yarden, ing tilas papan tumapake tlapakane para imam, kang ngusung pethi prasetyan. Watu-watu mau isih tetep ana ing kono nganti tumeka saiki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan