Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 3:8 - Kitab Sutji

8 Para imam kang padha ngusung pethi prasetyan padha prentahana: Satekamu ing pinggiring bengawan Yarden, padha mandhega ing satengahing bengawan kono.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 3:8
20 Iomraidhean Croise  

Nabi Elia banjur ngandika marang Elisa: “Kowe keria ana ing kene, sabab aku kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah menyang ing bengawan Yarden.” Atur wangsulane: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, saha dhemi gesang panjenengan piyambak kula saestu boten badhe nilar panjenengan.” Banjur padha nglajengake tindake.


Iku padha nglumpukake para sadulure lan padha sesuci. Sawuse mangkono nuli padha mara miturut dhawuhe Sang Prabu, cundhuk karo pangandikaning Sang Yehuwah, tumuli padha nucekake padalemaning Sang Yehuwah.


Sang Prabu Hizkia banjur dhawuh saos kurban obaran ana ing misbyah. Nalika kurban obaran wiwit kasaosake, kekidungan kagem Pangeran Yehuwah iya nuli karepekake, binarung swaraning kalasangka, lan piranti-piranti musik yasane Sang Prabu Dawud, ratu ing Israel.


Sang Prabu Hizkia lan para panggedhe padha dhawuh marang para wong Lewi supaya padha ngrepekake kidung pepujian kagem Pangeran Yehuwah nganggo tembung-tembung anggitane Sang Prabu Dawud lan Asaf, wong sidik. Wong mau nuli ngrepekake kidung pepujian kalawan bungah lan banjur jengkeng sujud.


Ana ing Yehuda pranyata manawa astane Gusti Allah nggemblengake atine wong-wong anggone padha nglakoni dhawuhe Sang Prabu sarta para panggedhe, cundhuk karo pangandikaning Yehuwah.


Aku uga banjur mrentahake marang para wong Lewi supaya sesuci lan njaga gapura amrih sucine dina Sabat. Dhuh Allah kawula, Paduka mugi karsaa enget dhumateng kawula margi saking prakawis punika saha mugi karsaa paring kawelasan dhumateng kawula, miturut sih-susetya Paduka ingkang ageng!


Putrane Imam Agung Yoyadha bin Elyasib ana siji kang wus dadi mantune Sanbalat, wong Horoni, mulane daktundhung saka ing ngarepku.


Nanging pangandikane Nabi Musa marang bangsa iku: “Aja kuwatir, padha ditatag, lan delengen pangluwaran kang saka ing Pangeran Yehuwah, kang bakal diparingake marang kowe ing dina iki, amarga wong Mesir kang padha kokdeleng ing dina iki, iku bakal ora kokdeleng maneh ing salawas-lawase.


Becik manawa wong nganti-anti marang pitulungane Sang Yehuwah kalawan sabar.


Nanging para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah iku padha mandheg ana ing gasikan ing tengahing bengawan Yarden; dene wong Israel sabangsa kabeh padha nyabrang ana ing gasikan, nganti kabeh wus padha nyabrang ing bengawan kono.


lan prentah marang wong sabangsa kabeh, pangucape: “Samangsa kowe padha ndeleng pethi prasetyane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kausung dening para imam, kang pancen saka taler Lewi, tumuli kowe iya padha budhala saka ing panggonanmu ngetutake pethi mau.


Apadene Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Senapati Yusak: “Ing dina iki Ingsun bakal miwiti ngluhurake jenengira ana ing ngarepe umat Israel kabeh, supaya iku padha sumurupa, yen Ingsun bakal nunggil karo sira, kayadene anggoningSun nunggil karo Musa.


Sang Senapati Yusak banjur dhawuh marang wong Israel: “Padha nyedhaka, ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu.”


Bangsa Israel nuli age-age padha nyabrang, pethine Sang Yehuwah lan para imam tumuli padha lumaku, sinawang dening para umat.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan