Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 3:5 - Kitab Sutji

5 Apadene Sang Senapati Yusak ngandika marang para umat: “Padha sesucia, amarga sesuk Pangeran Yehuwah bakal nindakake kaelokan ana ing tengahmu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 3:5
16 Iomraidhean Croise  

Anadene saben dinaning pista wus kapungkur, Ayub banjur nglumpukake anak-anake prelu padha disucekake; esuke, isih umun-umun, Ayub wus tangi, banjur nyaosake kurban obaran, cacahe miturut sapira kehing anake iku, awit ujare mangkene: “Bokmanawa anakku padha kena ing dosa lan nyupatani Gusti Allah ing sajroning atine.” Kaya mangkono iku ajeg katindakake dening Ayub.


Paduka punika Gusti Allah ingkang nindakaken kaelokan; Paduka sampun nglairaken pangwaos Paduka wonten ing tengahipun para bangsa.


Amargi Paduka punika agung saha nindakaken kaelokan-kaelokan; inggih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Allah.


Bangsa iki klumpukna, pasamuwane sucekna, nglumpukna para pinituwa, dalah para bocah pasuson pisan, panganten lanang supaya metu saka ing kamare, lan panganten wadon saka ing kamar paturone.


Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun: “Iya iki kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah: Ingsun nelakake kasuceningSun marang wong kang cedhak kalawan Ingsun, sarta nglairake kamulyaningSun ana ing ngarepe wong sabangsa kabeh.” Anadene Imam Harun mung kendel bae.


Mulane sira kudu padha nucekake awakira, supaya padha dadi suci, awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahira.


Wong-wong padha mlayu slira-sliri anggone ngrakupi, banjur digiling srana panggilingan utawa didheplok ana ing lumpang, nuli diolah ana ing kuwali digawe roti bunder-bunder, rasane kaya glepung kang digoreng.


sarta Kawula nucekaken badan Kawula kangge tiyang-tiyang punika, supados ugi sami kasucekna wonten ing kayektosan.


manawa tlapakane para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah, Gusti Allahing salumahe bumi mandheg ana ing banyuning bengawan Yarden, banyune dadakan banjur bakal piyak, banyune kang saka ing dhuwur temah bakal mandheg anggone mili dadi bendungan.”


Dumadakan bareng kang ngusung pethi mau tutug ing bengawan Yarden, lan tlapakaning para imam kang ngusung pethi kacelup ing banyu ing pinggiring bengawan – sajrone mangsa panen bengawan Yarden iku luber ing sauruting pinggire –


Mung bae anaa lete ing antarane pethi lan kowe, kira-kira rongewu asta, sarta pethi iku aja kokcedhaki, perlune kowe supaya weruha dalan kang bakal kokambah, amarga kowe biyen durung tau ngambah ing dalan kono.”


Para imam banjur didhawuhi Sang Senapati Yusak, mangkene: “Pethining prasetyan iku usungen banjur padha nyabranga ana ing ngarepe bangsa iku.” Para imam banjur padha ngusung pethi prasetyan sarta lumaku ana ing ngarepe bangsa iku.


Wis sira ngadega, bangsa iku sucekna lan dhawuhana mangkene: Padha sesucia tumeka ing dina sesuk, amarga pangandikane Pangeran Yehuwah Allahe Israel mangkene: Ing tengahira ana barang sengkeran, he Israel, sira bakal ora bisa tahan ana ing ngarepe mungsuhira sadurunge sira padha nyingkirake barang sengkeran iku saka ing tengahira.


Wangsulane Nabi Samuel: “Iya mangkono! Tekaku iki arep saos kurban marang Sang Yehuwah. Padha sesucia lan nekanana upacara saos kurban iki karo aku.” Nabi Samuel banjur nucekake Isai dalah anak-anake lanang sarta ngulemi wong-wong iku marang ing upacara saos kurban mau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan