YUSAK 3:3 - Kitab Sutji3 lan prentah marang wong sabangsa kabeh, pangucape: “Samangsa kowe padha ndeleng pethi prasetyane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kausung dening para imam, kang pancen saka taler Lewi, tumuli kowe iya padha budhala saka ing panggonanmu ngetutake pethi mau. Faic an caibideil |
Sawuse Harun lan para anake rampung anggone nutupi barang-barang lan sakehe pirantine pasucen kabeh, samangsa arep budhalan, wong bani Kehat lagi kena lumebu prelu ngusungi barang-barang iku, nanging aja nganti nggepok samubarang kang suci iku, supaya aja nganti nemahi pati. Dadi iku barang-barang ing Tarub Pasewakan kang kudu diusung dening bani Kehat.