Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 3:17 - Kitab Sutji

17 Nanging para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah iku padha mandheg ana ing gasikan ing tengahing bengawan Yarden; dene wong Israel sabangsa kabeh padha nyabrang ana ing gasikan, nganti kabeh wus padha nyabrang ing bengawan kono.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 3:17
14 Iomraidhean Croise  

Nabi Elia nuli mundhut ageme jubah, digulung lan disabetake ing banyu, temah piyak ngiwa nengen; kekalihe banjur padha nyabrang lumampah ing gasikan.


Segara diwalik dadi dharatan, wong padha lumaku dharat nyabrang ing bengawan. Awit saka iku kita padha sukarena marga saka Panjenengane,


Nabi Musa banjur ngayatake astane marang ing sadhuwure sagara, Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake banyune larud marga saka angin wetan kang banter nganti sawengi natas, sagarane dadi gasik, banyune kapiyak.


Dadine wong Israel banjur padha metu tengahing sagara lumaku ana ing gasikan; dene banyune prasasat tembok kang ngamping-ampingi ing kiwa lan tengene.


Balik lakune wong Israel iku lestari ana ing gasikan ing satengahe sagara, sarta banyune prasasat dadi tembok ngamping-ampingi ana ing kiwa lan tengene.


Panjenengane bakal ngicali pati ing sateruse; tuwin Pangeran Allah bakal ngusapi eluh saka ing sakehing rai; sarta kawirangane umate bakal kaedohake saka ing salumahing bumi, awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.


“Sira kandhaa marang wong Israel sarta tutura mangkene: Samangsa sira wus padha nyabrang ing bengawan Yarden sarta lumebu ing tanah Kanaan,


Marga saka pracaya wong-wong iku padha ngliwati Sagara Abang kaya lumaku ing dharatan, mangka wong-wong Mesir padha klelep, nalika padha nyoba mangkono uga.


Bareng umat kabeh wus padha nyabrang ing bengawan Yarden, Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Senapati Yusak, mangkene:


Para imam kang padha ngusung pethi mau padha terus ngadeg ana ing satengahing bengawan Yarden, nganti wus rampung kalakon kabeh apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Senapati Yusak, kang kudu kaprentahake marang bangsa iku, condhong karo apa saprentahe Nabi Musa marang Sang Yusak.


Bangsa Israel nuli age-age padha nyabrang, pethine Sang Yehuwah lan para imam tumuli padha lumaku, sinawang dening para umat.


iku padha wenehana sumurup mangkene: Wong Israel wus nyabrang ing bengawan Yarden iki kalawan ngambah ing gasikan! –


Padha njupuka watu rolas iji saka ing kene, saka ing satengahe bengawan Yarden iki, saka ing panggonan mandhege tlapakane para imam, padha usungen menyang ing sabrange bengawan, nuli selehna ana ing papan kang bakal kokinepi mengko bengi.”


Bareng sakehe para ratune bangsa Amori kang ana ing sakulone bengawan Yarden lan sakehe ratune bangsa kang ana ing pinggir sagara, padha mireng pawartane Sang Yehuwah anggone ngasatake banyune bengawan Yarden ana ing ngarepe wong Israel, nganti sarampunge anggone nyabrang, panggalihe temah padha lemes lan ilang semangate ana ing ngarepe wong Israel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan