Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 3:16 - Kitab Sutji

16 banyu kang mili saka ing dhuwur banjur mambeg. Banyu kang mili saka ing dhuwur angendhukur dadi bendungan, dawa banget nganti tekan ing sacedhake kutha Adam, kang kaprenah ana ing sisihe Sartan; dene banyu kang mili menyang ing Segara Araba, yaiku Segara Asin, iku pedhot babar pisan. Bangsa Israel tumuli padha nyabrang prenahe ana ing ngarepe kutha Yerikho.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 3:16
31 Iomraidhean Croise  

Para ratu iku padha sabiyantu lan ngempal ana ing lebak Sidim yaiku Segara Uyah.


Baana bin Ahilud ngwasani Taanakh, Megido lan sawewengkone Bet-Sean kabeh, kang dumunung ing sacedhake Sartan sangisore Yizreel, wiwit ing Bet-Sean nganti tekan ing Abel-Mehola tumeka ing sisih kanane Yokmeam.


Sang Prabu anggone dhawuh nyithak iku kabeh ana ing Lembah Yarden ing sajroning lemah lempung ing antarane Sukot lan Sartan.


Segara weruh banjur lumayu, bengawan Yarden bali mandhuwur,


He segara, kena ngapa dene kowe kok lumayu? He bengawan Yarden, dene kowe bali mandhuwur,


Sang Yehuwah lenggah ing sadhuwuring banjir, Sang Yehuwah jumeneng Raja ing salawas-lawase.


Banyuning segara dikumpulake kaya bebendungan, samodra gedhe dilebokake ing wadhah.


Segara diwalik dadi dharatan, wong padha lumaku dharat nyabrang ing bengawan. Awit saka iku kita padha sukarena marga saka Panjenengane,


Paduka ingkang mbelah sumber saha lepen; Paduka ingkang ngesataken lepen-lepen ingkang ajeg mili.


Swaraning gludhug Paduka gumledheg, kilat-kilat sami madhangi jagad, bumi geter saha gonjang-ganjing.


segara dipiyak, para leluhur padha disabrangake; banyune diadegake kaya bendungan,


Nabi Musa banjur ngayatake astane marang ing sadhuwure sagara, Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake banyune larud marga saka angin wetan kang banter nganti sawengi natas, sagarane dadi gasik, banyune kapiyak.


Dadine wong Israel banjur padha metu tengahing sagara lumaku ana ing gasikan; dene banyune prasasat tembok kang ngamping-ampingi ing kiwa lan tengene.


Balik lakune wong Israel iku lestari ana ing gasikan ing satengahe sagara, sarta banyune prasasat dadi tembok ngamping-ampingi ana ing kiwa lan tengene.


Sarana pangempusing grana Paduka, toya ngantos sami tumpuk-undhung sadaya ilen-ilen sami ngadeg jejeg kados bendungan. Samodra-agung sami njendhel wonten ing tengahipun samodra.


Yagene nalika Ingsun rawuh kok ora ana wong, lan nalika Ingsun nimbali kok ora ana kang sumaur? Apa bokmanawa astaningSun cupet dene ora bisa ngluwari, utawa apa Ingsun ora kagungan kakuwatan kanggo ngluwari? Lah marga Ingsun duka, Ingsun ngesatake sagara, kali-kali Sundadekke ara-ara samun; iwake padha mambu bacin marga ora ana banyu lan banjur padha mati kasatan.


Panjenengane ngandika marang aku: “Kali iki mili menyang ing wilayah wetan, lan mudhun menyang Araba-Yarden, lan mutah ing Sagara Asin; banyune kang asin banget iku banjur dadi tawa,


Sagara didukani temah dadi asat, lan sakehe kali padha kadadekake garing, Basyan lan Karmel padha dadi nglayung tetuwuhan ing Libanon padha alum.


Dhuh Yehuwah, punapa dhateng lepen-lepen, punapa dhateng lepen-lepen timbuling bebendu Paduka punika? Punapa saganten ingkang Paduka dhawahi bramatya Paduka punika, dene Paduka ngantos nitih kuda saha kreta kaunggulan Paduka?


Anadene watese tanahira kang sisih kidul iku wiwit saka ing pasamunan Zin ing saurute tanah Edom; dadi watese kang sisih kidul iku ing sisih wetan wiwit ing pungkasane Tlaga Pauyahan.


Iki pangandikane kang didhawuhake dening Nabi Musa marang wong Israel kabeh ana ing sabrange bengawan Yarden, ing pasamunan, ing tanah rata Araba-Yordan, penere Suf, ing antarane Paran karo Tofel, Laban, Hazerot lan Di-Zahab.


sabanjure Araba-Yordan lan bengawan Yarden dalah pinggire, wiwit saka ing Kineret nganti tekan ing sagara Araba, yaiku Sagara Asin, ing sangisore perenge gunung Pisga mangetan.


tuwin kang uga mbawahake Araba-Yordan tutug ing sisih wetane telaga Kinerot, lan tutug ing sisih wetane sagara Araba, yaiku Sagara Asin, ing penere Bet-Yesimot, lan ing sisih kidul nganti tutug ing ngisore peperenging gunung Pisga.


watese kang kidul iku wiwit saka ing poncote Telaga Asin, saka ing teluk kang madhep mangidul,


medhun saka ing Yanoah menyang ing Atarot lan Naharat notog ing dhaerah Yerikho lan banjur menyang ing bengawan Yarden.


manawa tlapakane para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah, Gusti Allahing salumahe bumi mandheg ana ing banyuning bengawan Yarden, banyune dadakan banjur bakal piyak, banyune kang saka ing dhuwur temah bakal mandheg anggone mili dadi bendungan.”


iku padha wenehana sumurup mangkene: Wong Israel wus nyabrang ing bengawan Yarden iki kalawan ngambah ing gasikan! –


Bareng sakehe para ratune bangsa Amori kang ana ing sakulone bengawan Yarden lan sakehe ratune bangsa kang ana ing pinggir sagara, padha mireng pawartane Sang Yehuwah anggone ngasatake banyune bengawan Yarden ana ing ngarepe wong Israel, nganti sarampunge anggone nyabrang, panggalihe temah padha lemes lan ilang semangate ana ing ngarepe wong Israel.


Nalika wong telung atus mau padha ngunekake kalasangkane, Sang Yehuwah tumuli ndadosake wong padha pedhang-pinedhang ana ing pakemahane sarta wadya-bala iku banjur padha lumayu nganti tekan ing Bet-Sita, ngener ing Zerera nganti tekan ing pinggire Abel-Mehola ing sacedhake Tabat.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan