Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 3:15 - Kitab Sutji

15 Dumadakan bareng kang ngusung pethi mau tutug ing bengawan Yarden, lan tlapakaning para imam kang ngusung pethi kacelup ing banyu ing pinggiring bengawan – sajrone mangsa panen bengawan Yarden iku luber ing sauruting pinggire –

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 3:15
12 Iomraidhean Croise  

Nabi Elia banjur ngandika marang Elisa: “Kowe keria ana ing kene, sabab aku kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah menyang ing bengawan Yarden.” Atur wangsulane: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, saha dhemi gesang panjenengan piyambak kula saestu boten badhe nilar panjenengan.” Banjur padha nglajengake tindake.


Iya wong-wong iku kang nyabrang ing bengawan Yarden ing sasi kapisan, sanadyan bengawan iku luber sarta iya wong-wong iku kang nglungakake sakehe wong kang padha manggon ing sisih wetan lan sisih kulon.


Bani Benyamin lan bani Yehuda ana saperangan kang sowan ing ngarsane Sang Dawud ana ing beteng mau,


Wasana bakal kaidak-idak ing sikile para wong sangsara lan tlapakaning sikile para wong kang ringkih.”


“Manawa sira wus lumayu mbarengi wong mlaku dharat, kang marakake sayahira, kapriye bisanira balapan karo jaran? Manawa ana ing tanah kang tentrem, sira ora rumangsa ayem, kapriye bakal polahira ana ing grumbulan ing sapinggire bengawan Yarden?


Lah, kayadene singa kang jumedhul saka ing alas gegrumbulane bengawan Yarden, marani pasuketan panggonaning pepanthan wedhus, mangkono uga Ingsun bakal ndadekake wong iku dadakan padha lumayu saka ing nagara kono sarta matah ana ing kono sapa kang Sunpiji. Amarga sapa kang kaya Ingsun? Sapa kang wani ndakwa Ingsun? Pangon sing endi kang wani adu arep karo Ingsun?


Sagara didukani temah dadi asat, lan sakehe kali padha kadadekake garing, Basyan lan Karmel padha dadi nglayung tetuwuhan ing Libanon padha alum.


manawa tlapakane para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah, Gusti Allahing salumahe bumi mandheg ana ing banyuning bengawan Yarden, banyune dadakan banjur bakal piyak, banyune kang saka ing dhuwur temah bakal mandheg anggone mili dadi bendungan.”


Bareng para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah wus padha mentas saka ing tengahe bengawan Yarden lan lagi bae tlapakane ngancik ing dharatan, banyune bengawan Yarden banjur bali ing panggonane, sarta mili kaya ing maune ngluberi ing pinggire kabeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan