Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 3:13 - Kitab Sutji

13 manawa tlapakane para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah, Gusti Allahing salumahe bumi mandheg ana ing banyuning bengawan Yarden, banyune dadakan banjur bakal piyak, banyune kang saka ing dhuwur temah bakal mandheg anggone mili dadi bendungan.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 3:13
13 Iomraidhean Croise  

Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang kagungan kaluhuran saha kaprawiran, kamulyan, kaunggulan tuwin kaagungan, malah samukawis ingkang wonten ing swarga saha ing bumi! Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang kagungan karajan saha Paduka ingkang jumeneng Sesirah ingkang luhur piyambak nglangkungi ing samudayanipun.


Banyuning segara dikumpulake kaya bebendungan, samodra gedhe dilebokake ing wadhah.


Paduka ingkang mbelah sumber saha lepen; Paduka ingkang ngesataken lepen-lepen ingkang ajeg mili.


segara dipiyak, para leluhur padha disabrangake; banyune diadegake kaya bendungan,


Sarana pangempusing grana Paduka, toya ngantos sami tumpuk-undhung sadaya ilen-ilen sami ngadeg jejeg kados bendungan. Samodra-agung sami njendhel wonten ing tengahipun samodra.


Amarga kang dadi somahira iku Panjenengane kang nitahake sira, kang asma pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah; kang jumeneng Panebusira yaiku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang sinebut Gusti Allahe salumahing bumi.


Kalayan kuda Paduka, Paduka tindak ing saganten, inggih klempaking toya ingkang munthuk.


Panjenengane nuli ngandika: “Iki wong loro kang dijebadi lan kang ngadeg ana ing ngarsane Pangeraning salumahe bumi!”


Lan pethi prasetyan kagungane Gusti Allahing salumahing bumi lumaku ana ing ngarepmu nyabrang ing bengawan Yarden.


Kowe nuli padha kandhaa: Menawa banyune bengawan Yarden kapedhot ana ing ngarepe pethi prasetyaning Yehuwah; nalika pethi iku nyabrang ing bengawan Yarden, banyune bengawan iku tumuli kapedhot. Mulane watu-watu iki padha dadia pangeling-eling marang wong Israel ing salawase.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan