Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 3:11 - Kitab Sutji

11 Lan pethi prasetyan kagungane Gusti Allahing salumahing bumi lumaku ana ing ngarepmu nyabrang ing bengawan Yarden.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 3:11
15 Iomraidhean Croise  

Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang kagungan kaluhuran saha kaprawiran, kamulyan, kaunggulan tuwin kaagungan, malah samukawis ingkang wonten ing swarga saha ing bumi! Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang kagungan karajan saha Paduka ingkang jumeneng Sesirah ingkang luhur piyambak nglangkungi ing samudayanipun.


Lenging irunge metu kukuse kaya saka ing kwali kang umob isine kumebul.


Masmur anggitane Prabu Dawud. Bumi dalah saisine kabeh kagungane Sang Yehuwah, mangkono uga jagad lan kang padha ngenggoni.


Gunung-gunung padha ajer prasasat malam ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, ana ing ngarsane Gustine salumahing bumi.


Anadene umatingSun, kang nyekel pangwasane bocah-bocah, lan bakal kaereh ing para wong wadon. He umatingSun, para pemimpinira iku padha nasarake sira, lan dalan padha sira ambah iku dikisruhake!


Amarga kang dadi somahira iku Panjenengane kang nitahake sira, kang asma pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah; kang jumeneng Panebusira yaiku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang sinebut Gusti Allahe salumahing bumi.


Dhuh Rajanipun para bangsa, sinten ingkang boten ajrih dhumateng Paduka? Sayektos, sampun samesthinipun tiyang ajrih dhumateng Paduka, amargi ing antawisipun para wicaksana panunggilanipun para bangsa, saha ing antawisipun para ratunipun, boten wonten ingkang nyameni Paduka!


He, putri Sion, tumandanga lan nutua, marga sungunira bakal Sundadekake kaya wesi, lan kukunira Sundadekake kaya tembaga, satemah sira bakal ngremuk bangsa akeh, lan jarahane bakal sira mligekake kagem Sang Yehuwah, sarta kasugihane kagem Pangeraning salumahe bumi.


Pangeran Yehuwah bakal nandukake kang nggegirisi, yaiku nyirnakake para allah ing salumahe bumi, temah saben bangsa ing dhaerah pasisir, bakal padha sujud marang Panjenengane, saka ing panggonane dhewe-dhewe.


Sang Yehuwah nuli bakal jumeneng Ratu, misesani salumahing bumi; ing wektu iku mung Pangeran Yehuwah kang jumeneng mribadeni lan mung asmane kang ana.


Panjenengane nuli ngandika: “Iki wong loro kang dijebadi lan kang ngadeg ana ing ngarsane Pangeraning salumahe bumi!”


Paring wangsulane malaekat: “Kabeh iku metu marang ing keblat papat, sawuse padha seba marang ing ngarsane Pangeraning salumahe bumi.”


Bab iku ing dina iki kowe paha sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya Panjenengane kang tindak dadi pangiridmu sarta asipat kaya geni memangsa, iya Panjenengane kang bakal numpes sakehe bangsa iku, padha ditelukake ana ing ngarepmu. Kaya mangkono dadine bangsa mau bakal koktundhungi lan bakal enggal koksirnakake, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe.


manawa tlapakane para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah, Gusti Allahing salumahe bumi mandheg ana ing banyuning bengawan Yarden, banyune dadakan banjur bakal piyak, banyune kang saka ing dhuwur temah bakal mandheg anggone mili dadi bendungan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan