YUSAK 3:10 - Kitab Sutji10 Sarta maneh pangandikane Sang Senapati Yusak: “Iki dadia titikane enggonmu padha sumurup, yen Gusti Allah kang sipat gesang ana ing satengahmu, lan mesthi bakal nundhungi wong Kanaan, wong Het, wong Hewi, wong Feris, wong Girgasi, wong Amori lan wong Yebus, saka ing ngarepmu! Faic an caibideil |
Bokmanawi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun midhanget sakathahing tembungipun priyagung juru pangunjukan, utusanipun ratu ing Asyur, gustinipun, ingkang kadhawuhan ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang, satemah Pangeran Yehuwah badhe paring paukuman margi saking tetembungan ingkang sampun dipun piyarsakaken. Milanipun panjenengan karsaa ngunjukaken pandonga kangge kekantunan ingkang taksih wonten punika!”
Ing wektu iku bakal padha katempuh ing mulad-mulading bebenduningSun lan bakal Suntilar kalawan ngaling-alingi wadananingSun, temah bakal padha kamangsa nganti entek lan katrajang ing bilai lan kasusahan akeh, nganti ing wektu iku padha duwe pangucap mangkene: Rak marga Gusti Allah ora ana ing satengah kita, anggon kita padha katrajang ing bilai lan karubedan tumpa-tumpa iki?
“Samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngirid kowe lumebu ing tanah kang kokparani lan bakal kokejegi, sarta wus nundhungi bangsa pirang-pirang saka ing ngarepmu, yaiku wong Het, wong Girgasi, wong Amori, wong Kanaan, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, bangsa pitu kang cacahe lan kekuwatane ngungkuli kowe,
Imam Pinehas bin Eleazar tumuli ngandika marang bani Ruben lan bani Gad tuwin bani Manasye: “Saiki aku padha sumurup yen Sang Yehuwah ana ing tengah kita, marga kowe ora padha nyimpang saka ing kasetyanmu marang Sang Yehuwah; marga saka iku kowe temah padha ngluwari wong Israel saka ing paukumaning Yehuwah.”
Dawud banjur kandha marang wong kang padha ana ing sandhinge: “Badhe tampi ganjaran punapa tiyang ingkang saged ngawonaken tiyang Filisti punika lan ngicali kalingsemanipun bangsa Israel? Sinten ta tiyang Filisti ingkang boten tetak punika, dene ngantos kamipurun nyepelekaken barisanipun Gusti Allah ingkang asipat gesang?”