1 Esuk-esuk Sang Senapati Yusak wus wungu, banjur bidhal saka ing Sitim kadherekake dening wong Israel kabeh. Bareng padha tekan ing bengawan Yarden, sadurunge nyabrang padha nginep ana ing kono.
Esuke umun-umun Rama Abraham wungu, mundhut roti lan banyu saimpes diparingake marang Ibu Hagar katumpangake ing pundhake, mangkono uga si bocah, sawuse banjur didhawuhi lunga. Ibu Hagar tumuli mangkat, nanging lakune kesasar ana ing pasamunan Bersyeba.
Esuke umun-umun Rama Abraham wungu, banjur ngabah-ngabahi kuldine, mbekta abdine loro lan kang putra Iskak; sarta nyigari kayu kanggo kurban obaran, banjur bidhal tindak menyang panggonan kang kadhawuhake dening Gusti Allah.
“Wiwit nalika jumenenge Sang Prabu Yosia bin Amon, ratu ing Yehuda wus nyandhak telulas taune tumeka ing dina iki, dadi wus oleh telulikur taun anggonku kadhawuhan pangandikane Sang Yehuwah iku, lan ora kendhat-kendhat anggonku mituturi marang kowe, nanging kowe ora gelem ngrungokake.
He umatingSun, padha elinga apa kang karancang dening Balak, ratu ing Moab, lan kapriye kang dadi wangsulane Bileam bin Beor, tuwin apa kang kelakon wiwit saka ing Sitim nganti tekan ing Gilgal, supaya sira ngakonana pandamel-pandameling Yehuwah kang adil.”
Senapati Yusak bin Nun kalawan sidheman banjur ngutus wong loro saka Sitim kakarsakake nelik, pangandikane: “Kowe padha mangkata, niti-priksaa nagara iku lan kutha Yerikho.” Wong mau tumuli padha mangkat, lan teka ing omahe sawijining wong wadon tunasusila, jenenge Rakhab lan nginep ana ing kono.
Nanging bareng ing dina kapitune kabeh padha tangi wayah bangun esuk, nalika wetune bang-bang wetan, tumuli padha ngubengi kutha, patrape kaya mangkono iku uga nganti rambah ping pitu; mung ing dina iku nganti rambah kaping pitu anggone padha ngubengi kutha mau.
Esuke ing wayah bangun Sang Yusak wungu, nuli mriksa barisaning rakyat, sarta banjur bidhal menyang ing kutha Ai, kadherekake dening para tetuwane Israel, tindake ana ing ngarepe wadyabala.
Ing wayah esuk umun-umun Dawud wis tangi, masrahake wedhus-wedhuse marang wong jaga, mikul gegawane lan banjur mangkat kaya kang kaprentahake dening Isai. Tekane ing pakemahan pinuju wadya-bala lagi budhal lan nata pabarisan sarta padha surak rame alok-alok perang.