Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 24:8 - Kitab Sutji

8 Nuli sira padha Sunirid lumebu ing nagarane wong Amori kang manggon ana ing sabrange bengawan Yarden. Iku padha nglawan perang, nanging padha Sunulungake ing tanganira, temah nagarane banjur sira ejegi lan wonge padha Sunsirnakake saka ing ngarepira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 24:8
10 Iomraidhean Croise  

Kajawi punika ugi Paduka paringi karajan tuwin bangsa pinten-pinten, lajeng dhaerahipun wau Paduka paringaken dados dhaerah wates, amargi tanahipun sami dipun ebroki: inggih punika tanahipun Sihon, raja ing Hesbon, lan tanahipun Prabu Og, raja ing Basan.


Ingsun bakal ngutus malaekatingSun tindak ana ing ngarepira, sarta ngirid lakunira menyang ing tanahe bangsa Amori, bangsa Het, bangsa Feris, bangsa Kanaan, bangsa Hewi lan bangsa Yebus, lan para bangsa iku bakal Suntumpes.


Mangka Ingsun kang ngirid lakunira metu saka ing tanah Mesir, lan lakunira Sunkanthi ana ing pasamunan lawase patang puluh taun, supaya sira bisa ngejegi nagarane wong Amori.


Mangka Ingsun kang wus numpes saka ing ngarepe bangsa Amori, bangsa Amori kang dedege kaya wit eres lan kang santosa kaya wit elon, padha Suntumpes wohe ing dhuwur lan oyode ing ngisor.


Sawuse mangkono Prabu Sihon sabalane kabeh banjur methukake kita, perang karo kita ana ing sacedhake Yahas,


apadene sakehing kuthane Prabu Sihon, ratune wong Amori, kang akedhaton ana ing Hesybon, nganti tutug ing tlatahe wong Amon,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan