Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 24:7 - Kitab Sutji

7 Para leluhurira tumuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, Panjenengane tumuli ndhatengake peteng ndhedhet ana ing antarane sira lan wong Mesir, sarta ndhatengake banyu segara, satemah wong Mesir iku padha kasasaban ing segara. Mripatira wus padha ndeleng dhewe apa kang Suntandukake marang Mesir. Sawuse mangkono leluhurira padha manggon ana ing ara-ara samun nganti antara lawas.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 24:7
14 Iomraidhean Croise  

Bareng Sang Prabu Pringon wus cedhak, wong Israel padha sumurup yen bala Mesir padha nututi, temah padha banget wedine, ing kono wong Israel padha sambat-sambat marang Sang Yehuwah,


Mangkono dadine tugu mega mau mapan ana ing antarane bala Mesir lan bala Israel. Sarehne tugu mega mau njalari peteng, mulane kang siji ora bisa nyedhaki sijine, ing sajroning sawengi iku.


Wong Israel bareng nyipati gedhening pandamele Pangeran Yehuwah kang ditandukake marang wong Mesir, bangsa iku nuli padha wedi marang Pangeran Yehuwah sarta kumandel marang Pangeran Yehuwah lan marang Nabi Musa abdine.


Dadine kowe banjur padha kepeksa manggon ana ing Kadesy nganti kapara lawas, yaiku sapira lawase anggonmu manggon ana ing kono.”


Anadene lawase anggon kita padha nglembara saka ing Kadesy-Barnea nganti tekan ing sabrange kali Zered mau, telung puluh wolu taun, nganti sagolonganing para prajurit iku wus padha sirna kabeh saka ing pakemahan, kaya anggone wus padha kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah kalawan supaos;


Nabi Musa nimbali sagolongane wong Israel kabeh kadhawuhan nglumpuk, banjur padha dipangandikani mangkene: “Kowe wus padha ndeleng apa sapandamele Sang Yehuwah ana ing tanah Mesir marang Sang Prabu Pringon lan sakehe para abdine lan marang ing saindenging nagarane,


Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?


Sarta sapa kang dibendoni dening Panjenengane patang puluh taun lawase? Apa dudu wong kang padha nglakoni dosa sarta kang jisime pating glimpang ana ing pasamunan?


Ujer nganti patang puluh taun lawase wong Israel anggone padha lumaku ngliwati ara-ara samun, nganti wong sabangsa kabeh iku padha mati, yaiku golongan prajurit kang padha metu saka ing tanah Mesir, kang padha ora ngestokake marang pangandikane Sang Yehuwah, temahan padha kadhawahan supaos dening Sang Yehuwah; yaiku yen mesthi bakal ora kalilan ndeleng tanah kang wus kaprasetyakake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhure klawan supaos, yen bakal diparingake marang kita, tanah kang luber powan lan madu;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan