5 Ingsun banjur ngutus Musa lan Harun sarta tanah Mesir Sundhawuhi wewelak, iya kaya kang Suntindakake ana ing tengahe. Sawuse mangkono sira tumuli padha Sunirid metu.
Sawuse mangkono wong Israel tumuli padha budhal saka ing Raamses menyang Sukkot, cacahe wong lanang kang mlaku dharat kira-kira ana nem atus ewu, durung bocah-bocahe.
Bareng leluhurira wus padha Sunirid metu saka ing tanah Mesir lan sira wus padha tekan ing segara, wong Mesir banjur padha nututi para leluhurira kalawan bala kretan lan jaranan nganti tutug ing Segara Teberau.