Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 24:33 - Kitab Sutji

33 Imam Eleazar bin Harun iya seda, tumuli disarekake ana ing tetengger ing pagunungan Efraim, kang diparingake marang kang putra Sang Pinehas.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 24:33
22 Iomraidhean Croise  

Nalare ora mangkono. Nanging ana sawijining wong kang aran Seba bin Bikri kang wus ngangkat tangane mbalela marang Sang Prabu Dawud. Ulungna wong siji iku marang tanganku, aku bakal mundur saka ing kutha kene.” Wong wadon mau banjur matur marang Sang Yoab: “Prayogi, sirahipun badhe kula uncalaken wonten ing ngarsa panjenengan saking ing sawingkinging balowarti punika.”


Iki asma-asmane: Ben-Hur ing pagunungan Efraim,


Atur wangsulane: “Inggih wilujeng! Bendara kula Elisa dhawuh dhateng kawula supados matur: Saweg kemawon punika wonten tiyang neneman kalih saking pareden Efraim panunggilanipunn para nabi, ingkang dhateng ing griya kula. Mila panjenengan mugi karsaa maringi dhateng tiyang-tiyang punika selaka satalenta saha panganggen kalih pangadeg.”


bin Abisua bin Pinehas bin Eleazar bin Harun, yaiku Imam Agung Harun.


Inggih kawula mangretos, kawula Paduka purugaken dhateng ing pejah, dhateng papan paklempakaning sadaya ingkang gesang.


supaya lestari urip ing sateruse, lan ora ndeleng luwanganing kuburan.


Anak-anake Korakh: Asir, Elkana lan Abiasaf, iku gotrahe wong Korakh.


Iya Rama Harun lan Nabi Musa iku kang padha kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah: “Wong Israel iku padha iriden metu saka ing tanah Mesir miturut golongane.”


Para leluhurira iku padha ana ing ngendi? Lan para nabi iku apa padha urip ing salawase?


Anadene Rama Eleazar putrane Imam Harun iku kang dadi pucuk pimpinane wong bani Lewi, kang manggedheni marang kang padha rumeksa barang-barang ing pasucen.


Awit Sang Prabu Dawud nglampahi karsaning Allah nalika ing jamanipun, lajeng seda saha kasarekaken nunggil kaliyan para leluhuripun, punapadene pancen kaulungaken dhateng ing karisakan.


Nanging, sarehne Panjenengane tetep jumeneng salawas-lawase, kaimamane ora bisa lumengser marang wong liya.


Iki kabeh kang ditampani wong Israel minangka tanah-pusakane ana ing tanah Kanaan, kang wus kaedumake marang wong Israel dening Imam Eleazar lan Senapati Yusak bin Nun sarta para panggedhening kulawargane taler-talere,


Wong Israel banjur padha kongkonan nemoni bani Ruben, bani Gad tuwin separoning talere Manasye menyang ing tanah Gilead, kang dikongkon Imam Pinehas bin Eleazar


Wong mau banjur budhal saka ing kutha Betlehem-Yehuda, arep neneka ana ing ngendi bae janji oleh panggonan; anggone lelaku tumeka ing pagunungan Efraim, ing omahe Mikha.


Saka ing kono terus baris menyang ing pagunungan Efraim lan padha tekan ing omahe Mikha.


lan nalika iku Pinehas bin Eleazar, bin Harun dadi imaming Allah – unjuke: “Punapa kawula kedah mangsah perang malih nglawan sadherek kawula bani Benyamin punika, punapa kedah kawula kendeli?” Dhawuhe Sang Yehuwah: “Padha mangsaha, amarga sesuk bakal Sunulungake ing tanganira.”


Ana sawijining wong ing Ramataim-Zofim, ing pagunungan Efraim, jenenge Elkana bin Yeroham bin Elihu bin Tokhu bin Zuf, wong Efraim.


Nuli padha budhal njlajahi pagunungan Efraim, lakune uga ngliwati tanah Salisa, nanging kuldine ora ketemu. Banjur njlajahi tanah Sahalim, nanging kuldine iya ora ana; wusana njlajahi tanah Benyamin, nanging uga ora ketemu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan