Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 24:32 - Kitab Sutji

32 Karodene tosane Sang Adipati Yusup, kang wus digawa wong Israel saka ing tanah Mesir, iku iya disarekake uga ana ing Sikhem, ing bumi kang kapundhut dening Rama Yakub saka para putrane Sang Hemor, ramane Sang Sikhem kanthi rega satus kesitah, sarta kang banjur katetepake dadi darbeke tedhake Adipati Yusup, minangka tanah-pusakane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 24:32
9 Iomraidhean Croise  

Palemahan sathithik kang diadegi tarube iku olehe tuku saka para putrane Sang Prabu Hemor, ramane Sang Sikhem, kanthi rega satus kesitah.


Lan kowe dakpandumi ngluwihi para sadulurmu, gegere gunung kang dakrebut saka ing tangane wong Amori sarana pedhang lan panahku.”


Sang Yusuf banjur ngandika marang para sadhereke: “Ora suwe maneh aku bakal mati, nanging Gusti Allah mesti bakal ngreksa kowe, lan kowe bakal padha diangkatake saka ing tanah kene menyang tanah kang wus diprasetyakake kalawan sumpah marang Eyang Abraham, Iskak lan Yakub.”


Sang Yusuf tumuli mundhut sumpahe para putrane Rama Israel, pangandikane: “Gusti Allah mesthi bakal mitulungi kowe; ing waktu iku, balung-balungku padha angkaten saka kene.”


Nabi Musa iya mbekta balung-balunge Sang Yusuf, marga iku wus mundhut sumpahe para putrane Rama Israel, pangandikane: “Besuk Gusti Allah mesthi nuweni kowe, nuli balung-balungku gawanen metu saka ing kene.”


Banjur rawuh ing sawijining kutha ing tanah Samaria kang aran Sikhar, cedhak karo palemahan kang biyen diparingake dening Rama Yakub marang kang putra Yusuf.


Rama Yakub lajeng tindak dhateng Mesir, wasana seda dalah leluhur kita.


Layonipun sami kabekta dhateng ing kitha Sikhem, kasarekaken wonten ing pasarean, ingkang sampun dipun pundhut dening Rama Abraham kalayan arta salaka saking para putranipun Sang Hemor ing Sikhem.


Marga saka pracaya Sang Adipati Yusuf nalika ndungkap ing sedane martakake bab bakal budhale Banisrael sarta paring piweling bab layone.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan