YUSAK 24:31 - Kitab Sutji31 Dene wong Israel iku tetep anggone padha ngabekti marang Sang Yehuwah salawase sugenge Senapati Yusak lan ing jamane para tuwa-tuwa kang umure luwih dawa tinimbang Senapati Yusak mau lan kang padha menangi sakehing pandamele Sang Yehuwah kang wus katindakake kanggo wong Israel. Faic an caibideil |
Sang Prabu Yosia nyingkirake sakehe dewaning kanisthan ing dhaerahe wong Israel kabeh sarta dhawuh marang sakehe wong kang ana ing tanah Israel supaya padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe. Ing sajege sugenge Sang Prabu Yosia, wong-wong ora padha nyimpang saka anggone manut marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.
Marga aku ngerti, besuk sangajalku, kowe bakal padha tumindak rusuh, lan bakal nyleweng saka ing dalan kang wus dakprentahake marang kowe; mulane ing tembe kowe bakal padha katempuh ing bilai, manawa kowe padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, lan gawe gerahe panggalihe awit saka gegaweane tanganmu.”